UH Teks Drama SMTR 2 [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Anak polah Bapa kepradhah (Ing ruwang tamu tengah sacedhake Stasiun Wonokromo, Pak Narko lan Prayitno padha lagi jagongan. Wong loro padha meneng. Sajake padha asyik karo lelamunane dhewe-dhewe. Sedhela-sedhela usreg mbenakne nggone lungguh. Bu Narko mlebu nggawa ceret, gelas, tela goreng, banjur lungguh nyang kursi njejeri Pak Narko. Sawetara wektu wong 3 padha meneng) Pak Narko : Lara rasane atiku! (rada mbesengut) Bu Narko : Mbok ya wis ta, Pak. Ora usah dipikir jero, wong diunekake ngono wae, ya aja lara ati. Pokokke sing penting nyatane rak ora ta. Pak Narko : Hla wis kadung lara ati tenan atiku dicap kaya ngono. Anake dhewe ya, pancen kurang ajar, ning lek wong tuwane dicandhak-candhak elek. Sapa sing gak muntab? Bu narko : Mulane bener jare unen-unen kae, Pak. Nak polah bapa kepradhah. Pak Narko : Pancene, kabeh wong-wong iku, angger mangap sakarepe dhewe! Iki ya gara-gara kowe, Yit! Anak siji ora udur pisan! (muni ngono karo mencerengi anake) Prayitno : Ya sepurane pak, pancen aku salah... (ndhingkluk karo dolanan driji) Pak Narko : Ya, sakiki isa ngomong salah, wingi-wingi glendham glendhem wae. Kudune rak ya sadhar!.... dadi anake wong ora nduwe ora usah neka neka! Bu Narko : Aku dhewe jane ya wis ora kurang kurang ngandhani. Dadi wong ki mbok ya nrima apa anane. Ora ndadak melu-melu kaya wong sugih, terus malah nyolong HP barang. Ya, ngene iki akibate. Ora kudu ngijoli utawaq mbalekne thok, ning wong tuwamu barang iki, dadi isin, bingung leh nyeleh rai. Pak Narko : hla iya, angger uwong ngarani, nek anake maling, bapake ya maling. Wong kacang mangsa ninggal lanjaran. Bu Narko : Kuwi hlo, Yit, krungu ora? Sadhar pa ra lek wis nggawe wirange wong tuwamu? Mosok klakuwane ora cocok blas karo jenenge. (Sepi. Bu Narko mlebu njero ngendhangi nggone masak. Wong loro padha meneng maneh. Prayitno sajake nggetuni klakuwane dhewe katut karo kanca-kancane sing ora bener. Pak Narko karo nyekeli sirahe sing wiwit krasa abot, sajake mikir wirang lan mikir carane ubet golek utangan kanggo ngijoli HP sing jare larang regane. Kamangka kayane mbecak saben dinane mung cukup kanggo mangan thok. Utang nggone Pak Sentot, juragan becak, wingi sore kanggo ndandani becak sing kambrukan wit trembesi durung nganti kepikir, malah sakiki ketambahan perkara anyar. Judheg pikirane, bingung nggone muter uteg. Dumadakan Pak Jaya teka ditutake Pak Bandi guru BK ne Prayitno) Pak Jaya : Kula nuwun. Kang Narko... Wadhuh gek padha tapa ta, kok, sepi mamring? Pak Narko : Mangga... Mangga mlebet Pak Jaya! Ana apa ta? (Nyawang Pak Bandi) Ooo... mangga pak pinarak mriki! Ngapunten nggih ngaten niki griyane Yitno, Pak. Pak Bandi : Matur nuwun. Wadhuh nyuwun sewu kula ngrepoti. Pak Narko : Mboten kok, Pak, Mbok... iki hlo ana tamu (sing dibengoki metu semu rada kaget weruhPak Bandi, terus ngelungne tangan salaman. Prayitno ya ngadeg marani tamu loro, salaman terus arep mlebu njero dipenging bapake) Bu Narko : Sugeng, Pak, Wah, ngapunten nggih griyane alit tur reged sedaya. Pak Jaya : Mpun nggih kang, kula wangsul rumiyin. Naming ndherekake Pak Guru niki wau hlo. Pak Narko : Kok, kesesa mboten medang rumiyin? Pak Jaya : suwun...suwun Kang. Kapan-kapan mawon, mangga Pak guru. Bu Narko : Nggih...Nggih...Matur nuwun. (wong telu nyauri bareng) Pak Bandi : Ngaten, Pak, Buk, lan Mas yitno, maksud kula sowan mriki diutus Bapak Kepala Sekolah ngaturi panjengan supados tindak dhateng sekolah samenika. Pak Narko : Sakniki? (kaget terus ndhrodhog atine)Sinten mawon ingkang dipuntimbali? Pak Bandi : Sedaya, Jumadi kalih bapakipun, Hapsari kalih bapakipun, lan njenengan kalih mas Yitno. Bu Narko : Yawis, Pak. Gek ndang budhal kana, salin dhisik aja sarungan ngono! (Pak Narko mlebu salin klambi ditutake Prayitno)



(Ana ruwang BK wis ana para tamu undhangan lan Kepala Sekolah. Sawise bage-binage sedhela, Bapak Kepaka Sekolah nyerahake masalahe marang Pak Bandi banjur pamitan). Kepsek : nyuwun sewu sarehne niki kula badhe rapat dhateng kantor dinas. Mangga dirembag ingkang sae kados pundi sekecanipun. Kula pitados sedaya masalah saged dipunrampungaken kanthi kekeluargaan lan mboten ngrugekaken sinte kemawon. Pak Bandi kula pasrahaken njenengan nggih, dipunupayakaken murih sae sedayanipun. Pareng kula tilar rumiyin nggih. Pak Bandi lan para tamu : Inggih mangga...! (sabanjure wong-wong iku padha rembugan, rada suwe durung oleh pemecahan. Kabeh-kabeh padha pengin milih anake dhewe. Wusanane Pak Bandi nengahi). Pak Bandi : Ngaten kemawon, sarehne barangipun sampun disade, sampun mboten wonten. Sakniki Jumadi kalih Prayitno urunan kemawon kanggo ngijoli HP-nipun Hapsari, kados pundi? Hapsari : Pokokke, kula nyuwun HP-ne wangsul, sebab memorine mboten saged diijoli kalih napa kemawon, kathah kenangan kanthi aji kangge kula. Emoh aku, Pak, Pokokke.... (Hapsari nglendhet bapake karo prembik-prembik arep nangis) Bapak Hpsri : Hla piye maneh wong wis kadhung ilang. Yen nomore bisa diurus maneh. Yen memoryne, ya jelas ora bisa mbalik. Wis dianggep musibah wae hlo, Nak.... Hapsari : Ya musibah, ya, musibah modhele Yitno karo Jumadi iku. Dhasar...! tegane kowe marang aku, kamangka aku ora nate nglarani atimu! Apa salahku? (Kabeh sing ana ruwangan kana padha meneng. Melu ngrasakne nelangsane Hapsari). Bapak Hapsri : Wis, ta, Nak sing sabar wae. Mengko bisa tuku maneh sing kaya kae (karo ngelus-elus sirahe anake. Hapsari isih tetep nangis sesenggrukan) Pak Narko : Nggih, ngoten mawon. Kula purun ngijoli sepalih, kula nyuwun wekdal rumiyinkagge usaha pados arta, wong kawontenan kula pas-pasan kados ngeten. Jumadi : Hlo, kok sepalih, kula namung diparingi dhuwit sakedhik kalih Yitno. Iya, apa ora, Yit? Ngomonga! Aku mung ngrewangi njupuk thok, ora melu ngedol HP ne, ngomonga Yit! (Rada santak suwarane Jumadi rada mangkel) Bapak Jumdi: Nggih, leres anak kula, Pak. Yen nggentosi sepalih kula kawratan, wong kawontenan kula nggih mboten benten kalih njenengan. Pak narko : Piye, Yit? Bener kandhane Jumadi?(kabeh padha nyawang Prayitno, sing disawang manthuk karo semaur alon) Prayitno : Ya,Pak. Sepuranen aku, Pak aku sing salah merga aku pengin ngrasakke nyekel dhuwit, Pak. (Pak Narko ora bisa ngrasakke apa-apa maneh, panyawange peteng dhedhet, awake lemes,kaya wayang ilang gapite, nglumpruk semaput ora sadhar) SOAL! 1. Teks drama ing ndhuwur bedhahen adhedhasar struktur teks drama! 2. Coba jlentrehna bedane ragam basa ngoko lugu karo ngoko alus lan sebutna leksikon (jinis basa) sajrone ragam basa kuwi mau ! Banjur wenehana tuladhane saukara-saukara wae ! 3. Coba jlentrehna bedane ragam basa krama lugu karo krama alus lan sebutna leksikon sajrone ragam basa kuwi mau ! Banjur wenehana tuladhane saukara wae! 4. Apa bedane dagelan karo drama komedi , Operet karo opera, lan pantomim karo tabalau! 5. Apa bedane drama tradisional karo drama moderen, coba wenehana tuladha awujud irah-irahan! 6. Coba sebutna ukara-ukara ing ngisor iki nggunakake ragam basa apa ! a. Pak menapa panjenengan sampun krama malih ? b. Panjenengan sida numbasake dhik Bejo granat ta ? c. Kowe kuwi aja bodho-bodho ta !, masa 10x2 kok 20, kudune lha iya 40 ! d. Sampeyan niku griyanipun pundi lho mbak ? Leres Ngrayun ta ? Ditingali saking rasukane kang sarwa gaul? e. Rewangmu sida kok tukone ZX -6R ?



Nb. Wacanen sing ngati-ati saben soal! Akbar Widodo Putra XIA9 04 Jawab 1. Prolog : (Ing ruwang tamu tengah sacedhake Stasiun Wonokromo, Pak Narko lan Prayitno padha lagi jagongan. Wong loro padha meneng. Sajake padha asyik karo lelamunane dhewe-dhewe. Sedhela-sedhela usreg mbenakne nggone lungguh. Bu Narko mlebu nggawa ceret, gelas, tela goreng, banjur lungguh nyang kursi njejeri Pak Narko. Sawetara wektu wong 3 padha meneng) Dialog : Pak Narko : Lara rasane atiku! (rada mbesengut) sampek apsari : Ya musibah, ya, musibah modhele Yitno karo Jumadi iku. Dhasar...! tegane kowe marang aku, kamangka aku ora nate nglarani atimu! Apa salahku? Epilog : Bapak Hapsri : Wis, ta, Nak sing sabar wae. Mengko bisa tuku maneh sing kaya kae (karo ngelus-elus sirahe anake. Hapsari isih tetep nangis sesenggrukan) sampek Prayitno : Ya,Pak. Sepuranen aku, Pak aku sing salah merga aku pengin ngrasakke nyekel dhuwit, 2. ngoko lugu - ragam panganggone basa Jawa kang dumadi saka tembung ngoko kabeh - biasanane digunakake dening wong tuwa marang wong kang luwih enom, wong kang pada umure, wong kang wis raket, utawa wektu lagi ngomong karo awake dhewek. Leksikon e ngko ora keselip krama Tuladha : Aku wis tuku buku basa Jawa ngoko alus - ragam panganggone basa Jawa kang dumadi saka tembung ngoko kecampuran krama, lan krama inggil - biasane digunakake dening wong tuwa marang wong enom sing luwih dhuwur drajate lan marang sing pada umure mung durung akrab, ngrembug wong liyo kang perlu di ajeni. Leksikon e ngoko lan krama inggil Tuladha : Pak guru basa Jawa sing anyar iku asmane sapa? 3. krama lugu - ragam panganggone basa Jawa kang dumadi saka tembung krama kabeh - biasane digunakake kanggo nyritakake awake dhewe lan dinggo ngomong karo wong kang durung akrab, wong nom kang duwur pangkate marang wong tuwo sing asor pangkate, basane wong desa. Leksikon e Krama madya Tuladha: Mbak, njenengan wau dipadosi bapak. krama alus - ragam panganggone basa Jawa kang dasare krama lugu, nanging uga nganggo tembung krama inggil - biasane dinggo dening wong enom marang wong tuwa, micara ana sangarepe wong akeh utamane ing pakumpulan, dinggo nalika ndonga, abdi marang bendarane. Leksikon e krama ingil Tuladha : Bapak sare wonten kasur. 4. Drama komedi yaiku drama lucu sing nggawe basa indonesia Dagelan yaiku drama lucu seng nggawe basa jawa / daerah



Operet lan opera opera minangka sawijining bentuk seni wiwit pagelaran panggung dramatis nganti pagelaran musik. Opera diilhami dening macem-macem seni liyane. -operet minangka jinis opera ringan, enteng ing babagan musik lan opera. Operet iku opera, nanging penampilane kaya teater musik. Pantomim lan tabalu Pantomim Pantomime minangka drama sing ditindakake kanthi gerakan awak utawa basa isyarat tanpa tutur. nalika Tablau Tablau minangka drama sing meh padha karo pantomim sing diiringi obahe anggota awak lan ekspresi prilaku pelaku. 5. Bedane drama tradisional karo drama modern yaiku: -Drama tradisional iku gawe pertunjukkan sing berasal teko crito-crito ing daerah, luweh khusus kedaerahan lan nggambarne kebudayaan lingkungan sekitar. Lha lek drama modern ikugawe pertunjukkan sing berasal teko kejadian sabendinane. contone: drama, teater, sinetron lan film. -Drama tradisional panggunge biasa wae utawa sederhana, lha lek drama modern panggunge ketata apik, rapi. -Drama tradisional iku nganggep penonton dadi bagian teko pertunjukan, dadine interaksi karo penontone akeh utawa apik. lha lek Drama modern, interaksi karo penontone kurang, utawa ana batas antarane pemain karo penonton. 6. A krama inggil B ngoko alus C ngoko lugu D krama lugu E ngoko lugu