Dungo Hari Jadi Kabupaten Karanganyar Ke 96 [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Dungo Hari Jadi Kabupaten Karanganyar Ke 96 Senin, 18 November 2013







Duh Gusti, Pangeran Kang Moho Kuwaos Sedoyo Pangalembono lan Raos Syukur kito unjukaken dumateng Paduko, Pangeran Kang Moho Welas lan Moho Asih. Awit saking peparing lan rahmatipun Paduko, Dinten punilo Senin, 18 November 2013, Kabupaten Karanganyar saged hamengeti Hari Jadinipun ingkang kaping 96. Milo jalaran



saking puniko, kawulo hanyenyuwun lan adedongo dumateng ngarso paduko ya Allah. 



Ya Allah, Pangeran Ingkang Moho Kinasih Mugi paduko tansah paring kaselamatan dumateng Kabupaten Karanganyar, pamarintahipun ugi dumateng sedoyo wargonipun. Sahinggo Kabupaten Karanganyar tansah katon tenang lan tertib, tebih saking beboyo, saged nglajengaken perjuangan poro pendahulunipun.







Ya Allah, Gusti Ingkang Moho Agung Mugi paduko tansah paring bimbingan dumateng wargo Kabupaten Karanganyar, sehinggo sadoyo wargo puniko saged tansah nderek mbangun Kabupaten Karanganyar tumuju masyarakat adil lan makmur, Gemag ripah lohjinawi serto tentrem kerto raharjo kanti adedasar Poncosilo dan UUD 1945







Ya Allah, Pangeran Ingkang Moho Pangapunten Mugi paduko paring pangapunten dumateng sedoyo kalepatan lan dosa kawulo, paring pangapunten dumateng kalepatan lan dosa tiyang sepuh kulo, ugi paring pangapunten dumaten pora pemimpin bongso kawulo. Duh gusti mugi paduko paring kesaenan wonten ing alam dunyo puniko, ugi kesaenan ing alam akherat sarto dipun tebihaken saking latu neroko



hasanah wa qina adzabannar. Subhana Robbika Robbil ‘Izzati ‘Amma yashifun wasalamun ‘alal mursalin wal hamdulillahi robbil ‘alamin