Pasrah Lamaran Dalam Bahasa Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Assalamu'alikum Wr.Wb. Panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten, punapa dene pengjenenganipun kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdhaning akrami. Khanti pepayung budi rahayu sah hangunjukaken raos suka syukur dhumateng gusti,"mugi rahayuha sagung dumadi", tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya hangluberana dhumateng kawula. Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik,dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardi kan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur, kula piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp. Suyatno sekalihan. Panjenenganipun Bp. Kasmari sekalian garwa ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan, kula pinangka sulih sarira saking panjenengenipun Bp Suyatno sekalian, ingkang sepisan; ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan, sumarambah para kulawarga samudayanipun. Jangkep kaping kalih; ing nguni sampun wonten pirembagan, ingantawisipun Bp.Suyatno sekalian, hanggadhahi putra kakung kekasih pun Bagus One Ristandi kaliyan Bp. Kasmari sekalian garwa hanggadhahi kenya sesilih Rr. Citra Gumulonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang, bebasan ngebun-ebun enjang ajejawah sonten ndhodhok latar ndhodhog lawang sumedya nginang jambe suruhe kanthi atur makaten karena sampun jumbuh anggenipun pepetangan saha sampun manunggal cipta, rasa miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah panjenengenipun Bp.Suyatno sekalihan, anggenipun katampi panglamaripun pramila ing kalengahan punika ngaturaken saran miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi. Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten kaarsanipun Bp.Kasmari sekalihan garwa inggih punika: sanggan, saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sadya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saengga mboten saged pisah salami-laminipun. Kasoking katresna Bp. Suyatno sekalihan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ingkang awujud



pengagem ing pangajab pinangka agemanipun badhe calon panganten putri. Mboten kakilapan Bp Suyatno sekalihan ngaturaken redana wujudipun arta, kenginga darnel ngenthengenthengi anggenipun Bp.Kasmari sekalihan garwa netepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siswi. Kajawi punika panyuwunipun Bp. Suyatno sekalihan, ing benjang menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi calon panganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning agami miwah adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki. Minangka pungkasening atur, hambok bilih Bp. Suyatno sekalihan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kakirangannipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami, sumanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenengenipun Bp. Suyatno sekalihan, menawi wonte gonyak ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingrah tatakrami, kawula nyuwun sihing samodra pangaksami. Akhiru kalam billahi taufik wal hidayah. Wassalamu’alaikum Wr Wb.