Tembung Camboran [PDF]

  • Author / Uploaded
  • rima
  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

TEMBUNG CAMBORAN & TEMBUNG TANDUK Dosen Pengampu : Melani Albar, M.Pd Disusun oleh : Kelompok 2 1. Ikrima Ifarda Sujatmiko 2. Indah Nur Aini 3. Muh. Assyahrunnizam



TEMBUNG CAMBORAN



1. TEMBUNG CAMBORAN Tembung camboran yaiku : Tembung loro utawa luwih sing digandengake dadi siji lan tembung mau dadi tembung anyar kang tegese uga melu anyar Tuladha: meja tulis, buku gambar, balung kuwuk, sayuk rukun, narapati. 2. WARNA-WARNANE TEMBUNG CAMBORAN.  MANUT WUJUDE a. Camboran tugel, yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung lorosing dirangkep dadi siji kanthi ngurangi jumlah wandane. Wujude camboran tugel 1) Tembung garba Tembung loro sing diringkes Tuladha: Nara + pati = narpati Prapta + ing = prapteng Idu + abang = dubang Iya + iku = yeku Arane + iki = araneki 2) Kerata basa Tembung loro sing digandeng nanging suda wandane lan mawa teges



Tuladha: Digugu + ditiru = guru Balung + kulit = lunglit Gawe + kadang = wedang Kaku + cempluk = kupluk b. Camboran wutuh, yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging ora nganggo ngurangi jumlah wandane. Wujude camboran wutuh: 1) Rerangken determinatif Tuladha : Meja tulis Lemari kaca Pager bata Pitik walik Buku gambar 2) Baliswara Tembung kang anggoni negesi kanthi diwalik, tembung iki kerep digunakake marang tembang tembang Tuladha : Pancasila Bimaputra Wijaya kusuma Mahasiswa Dwiwarna 3) Tembung saroja Tembung kang kadiri saking rong tembung, banjur digabung lan saget nuwuhake pengerten ingkang luweh teges Tuladha : Babak belur Campur bawur Budi pakarti Gagah prakosa



4) Yogyaswara tembung loro kang meh podo pakecapane utawa panulisane Tuladha : Dewa-dewi Siswa-siswi Putra- putri Bathara- bathari Pemudha- pemudhi 5) Tembung kosok balen (Antonim) Tuladha : Gedhe x cilik Enom x tuwa Lanang x wadon Mangkat x mulih Dawa x cekak Dhuwur x cendhek  MANUT KEKAREPANE A. Camboran tunggal Camboran tunggal yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine wis ora kena dipisah-pisah maneh lan wis nduweni teges anyar. Upamane balung iku perangane awak utawa kewan sing atos dhewe. Kuwuk iku kucing alasan ora ana sing ndarbeni. Banjur dirangkep dadi “balung kuwuk” sing tegese criping pohung. Tuladha: Randha royal Semar mendem Nagasari Gandarukem Daramuluk B. Camboran wudar Camboran wudar yaiku tembung camboran sing tembung siji lan sijine isih nduwe teges dhewe-dhewe. Tuladha: Meja tulis



Pelem golek Wayang kulit Piring beling



TEMBUNG TANDUK 1. Tembung Tanduk Tembung tanduk yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater hanuswara (m, n, ny). 2. Werno Werone Tembung Tanduk Tembung tanduk bisa kaperang dadi telu warna, yaiku : a) Tembung tanduk kriya wantah Tembung tanduk kriya wantah yaiku tembung sing ora oleh panambang Tuladha : maju, ndheleh, ngadeg, nyapu b) Tembung tanduk i-kriya Tembung tanduk i-kriya yaiku tembung tanduk sing oleh panambang i Tuladha : menthungi, nglabui, nulungi, nyaponi c) Tembung tanduk ke-kriya Tembung tanduk ke-kriya yaiku tembung tanduk sing oleh panambang ke utawa ake Tuladha : Ndhuduhake, nyelehake, mbalangake, ngalungake



Sumber Pustaka: Pepak Basa Jawa Lengkap, Nuraini, S.Pd., Lingkar Media,