UKBM 2 Upacara Adat [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

UPACARA ADAT



A. IDENTITAS UKBM Kelas/ Semester



: XI/ 3



Mata Pelajaran



: Bahasa Jawa



Kompetensi dasar



: 3.2. Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis peristiwa budaya daerah sesuai dengan karakteristik. 4.2.Menanggapi peristiwa budaya daerah sesuai dengan karakteristiknya.



Materi Pokok



: Prosesi Upacara Adat Jawa



Alokasi Waktu



: 6 x 45 menit



Tujuan Pembelajaran



: Melalui pendekatan saintifik dengan menggali informasi dari berbagai



sumber



belajar



dan



mengolah



informasi,



diharapkan peserta didik dapat menyebutkan upacara adat yang terkait dengan siklus hidup orang jawa, menyebutkan nilai



filosofis



dalam



rangkaian



upacara



adat,



menginterpretasi upacara adat jawa serta menguraikan ajaran moral yang terkandung dalam setiap prosesi dalam upacara adat jawa Materi Pembelajaran



:  Teks kegiatan upacara adat  Karakteristik upacara adat  Struktur kegiatan upacara adat.  Pesan moral dalam upacara adat.



1



B. PETA KONSEP Nyebutna wujude



Ngidentifikasi karakteristike



Nyritakna lan nanggepi kegiyatan upacara adat



Upacara adat Jawa



Nulis Laporan Kegiyatan



presentasi laporan kegiyatan upacara adat



C. PROSES BELAJAR 1. Petunjuk Umum Penggunaan UKBM 1. Baca dan pahami materi pada buku Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri Basa Kanggo



SMA/



SMK/



MA/



MAK



Kelas



XI.



https://mgmpbahasadaerahsmkpacitan.blogspot.com/.



2. Setelah memahami isi materi dalam bacaan berlatihlah untuk berfikir tinggi melalui tugas-tugas yang terdapat pada UKB ini baik bekerja sendiri maupun bersama teman sebangku atau teman lainnya. 3. Kerjakan UKB ini dibuku kerja atau langsung mengisikan pada bagian yang telah disediakan. 4. Kalian dapat belajar bertahap dan berlanjut melalui kegiatan ayo berlatih, apabila kalian yakin sudah paham dan mampu menyelesaikan permasalahan-permasalahan dalam kegiatan belajar, kalian boleh sendiri atau mengajak teman lain yang sudah siap untuk mengikuti tes formatif agar kalian dapat belajar ke UKB berikutnya.



2



2. Pendahuluan



Larung sesaji ing Pantai Popoh Tulungagung



Sadurunge miwiti pasinaon iki, wangsulana dhisik pitakonane! 1. Gatekna video ing link iki, https://www.youtube.com/watch?v=XefBNehkhjM, apa isine video kasebut? 2. Nang endi upacara adat kasebut dianakake? 3. Apa ancas/ tujuwane dianakake upacara adat kasebut? 4. Sapa wae pawongan sing melu nang upacara adat iku, sebutna! 5. Uba rampe lan piranti apa wae sing dienggo ing upacara adat kasebut, sebutna! 6. Ing endi upacara adat iku dianakake? 3. Kegiatan Inti Pasinaon 1 A. Pambuka Dadi wong Jawa kudune anduweni rasa ‘bangga’ marang kabudayane amarga kajaba adi luhung uga anduweni wujud asil kabudayan kang maneka werna tur paling jangkep yen kabandhingake karo kabudayan suku liyane. Asil kabudayan kang dimaksud iku, kayata: kasusastran, piranti komunikasi, lan tradhisi adat. Wujud sing kasebut ing pungkasan mau mujudake gegayutan karo upacara adat masyarakat Jawa. Wujud upacara iki kaweruhan ana telung (3) macem, yaiku upacara adat gegayutan karo uripe manungsa, alam, lan agama utawa kapercayan. Nanging ana ing jaman saiki, kataatane masyarakat 3



Jawa ora kaya biyen, amarga owah gingsire jaman (mingsat-mingsute jaman) jalari karakteristike masyarakat Jawa – khususe ing kutha – dadi beda, kayata: 1) pola pikire wis luwih rasional, dadi apaapa asipat irasional ora katampa kalebu sipate upacara adat Jawa kang sosio-religius; 2) materialistis, duwe panganggep yen rejeki iku antuk saka makaryane dhewe ora saka pangeran, dadi tradisi katinggalake. Saka pirang-pirang wujud tuladha upacara adat sing wis kasebut mau, bab kang arep dirembug ing pasinaon basa Jawa dina iki, yaiku upacara adat. Upacara adat yaiku sawijining ritual sing diayahi dening masyarakat sasuku (saetnis) kanthi bareng-bareng, ancas tujuane kanggo netepi nilai-nilai saka para leluhure. B. Wujud Upacara Adat Upacara adat Jawa ana pirang-pirang wujud, yaiku: 1. Slametan (kenduren) Awujud upacara religius, amarga surasaning upacara yaiku andedonga marang pangeran (Gusti Allah SWT) sing lumrahe dipimpin dening tetua (tokoh) agama Islam (modin). Ancase yaiku amrih oleh slamet, pangayoman, lan rejeki. Slametan kaperang ana limang (5) werna, yaiku: a) Slametan sing gegayutan karo daur hidup, kayata:  wetonan (wedalan) Sawijining wujud slametan sing dianakake ana ing wektu dina laire manungsa, minangka sarana anyeyuwun (andonga) umur sing dawa tur barokah marang Gusti Allah SWT. Slametan tetakan (khitanan, sunatan) Dianakake dening wong tuwa sing duweni anak lanang nalika arep ditetak kanggo netepi sunah.  Slametan pasimahan Slametan iki dianakake nalika ing dina dalu midodareni, amrih upacara pasimahane bisa slamet lan lancar, uga andongakna bisa dadi kaluwarga kang rukun  Tahlilan Slametan kanggo andongakne leluhur sing wis seda amrih rahayu-wiujeng ing alam pakuburane, kanthi amacakake donga tahlil b) Slametan sing gegayutan karo tetanen (pertanian)  Wiwit Slametan sing dianakake dening para tani sadina sadurunge panen pari, lumrahe manggon ana ing sawah. 4



c) Slametan sing gegayutan karo agama  Slametan munggahan Slametan iki lumrahe dianakake sedina sadurunge wulan pasa, kanggo andongake arwah para leluhur, kapurih bisa katampa dening Gusti Allah SWT.  Slametan bakdan (riyayan) Slametan iki lumrahe dianakake sedina sadurunge wulan syawal, kanggo andongake arwah para leluhur, kapurih slamet. d) Slametan sing gegayutan karo uni (nadhar) Slametan jinis iki dianakake jalaran ana wong sing temen-temen uni lan ing tembe ngarepe unine iku kaijabah (keturutan). Slametan iki asipat kudu katandhangake (wajib). e) Slametan sing gegayutan karo merti desa (nyadran) Slametan iki uga kaaranan bersih desa, sedekah desa, kang wis dianakake wiwit turun-tumurun dening leluhur ana ing sawijining papan. Ancase slametan iki anyeyuwun marang roh leluhur amrih kersa paring pangayoman marang desane tansah resik (saka saakehing reridhu/ balak). 2. Grebeg Jinis upacara adat iki kalebu sawijining upacara kang wis kuncara banget, khususe ing Surakarta lan Ngayogyakarta dianakake saben taun kaping telu (3) miturut penanggalan Islam. 1) Ing wulan Mulud (wulan katelu) tanggal 12 (rolas→loro welas); 2) tanggal 1 (siji) Syawal (wulan kasepuluh); lan ing wulan Besar (wulan karolas) tanggal 10 (sepuloh). Ancase yaiku mujudake rasa sukur kaluwarga keraton marang anugerahe Gusti. 3. Sekaten Upacara iki dianakake suwene nganti seminggu (pitung dina) kanggo mengeti (memperingati) dina wiyose Kangjeng Nabi Muhammad SAW. Uga ana ing upacara iki, kaluwarga keraton ngetokna rong (2) perangkat gamelan sing aran Kyai Guntur madu lan Kyai Guntur sari, tumuju ing ngarep Masjid Agung Surakarta 4. Ruwatan Upacara kang dianakake kanggo ngluwari (membebaskan) manungsa lan panggonan utawa wewengkon saka ancaman bebaya. Wujude upacara iki arupa dedonga marang Gusti Allah nyuwun pangayoman saka ancaman bebaya bencana alam kang dijalari dening tumindak-tumindake manungsa kang kliru (dosa). Dadi, yen wis diruwat manungsa iku wis resik saka sakehing dosa.



5



5. Perkawinan Sawijining upacara adat sing wis lumrah (umum), dianakake nalika wong tuwa arep nyimahna anake (khususe anak wedok). 6. Tedhak Siten Sawijining wujud upacara adat jawa sing dianakake nalika ana anak sing wis arep ajar mlaku. Umure anak kurang-luwih 7-8 wulan utawa nganti setaun. 7. Tingkepan Upacara iki uga diarani mitoni (saka tembung pitu = tujuh), dianakake nalika ana wong wedok wis ngandhut pitung wulan lan nembe ngandhut sapisan. Adhedhasar filosofis jawa, tingkepan iki anduweni tujuwan paring pendhidhikan marang anak wiwit ana ing kandhutane ibu nganti dumugi diwasa. 8. Larung sesaji/ Labuh Laut/ Petik Laut   Upacara adat iki wis ana lan ditindakna kanthi turun-temurun kanggone masyarakat jawa sing manggon ing cedhak segara (pesisir pantai) utamane para nelayan, kayata: pesisir Pantai Tambakrejo, Kecamatan Wonotirto, Kabupaten Blitar, Pantai Popoh Desa Besole, Kecamatan Besuki Kabupaten Tulungagung. Umume upacara iki dianakna saben 1 Muharram (1 sura). Para nelayan nindakake upacara iki minangka mujudake rasa syukur marang Allah sing wis paring nikmat arupa rejeki (hasil tangkapan yang melimpah), lan keslamatan.



Gladhen I 1. Apa arane upacara-upacara adat kanggo nyelameti bayi! 2. Ubarampe lan piranti apa wae kang dibutuhake ing upacara adat tedhak siti? 3. Terangna kanthi ringkes prosesine upacara adat larung sesaji petik laut! 4. Apa ancase upacara adat larung sesaji petik laut? 5. Apa sambung rapete larung sesaji petik laut karo rasa tresna tumrap panguripan segara lan njaga kalestarene ekosistem laut? Pasinaon 2 Laporan Pengamatan Upacara Adat Bab-bab kang kudu digatekake sajroning nulis laporan pengamatan, yaiku: 1. Pambuka 1.1 Landhesan pengamatan 6



Isine babagan latar belakang masalah/ pengamatan (ngapa kok nyetitikna – mengamati- upacara adat kasebut). 1.2 Ancase pengamatan kanggo apa awakmu nyetitikna upacara adat kasebut 1.3 Guna mupangate (manfaat) pengamatan apa gunane awakmu nyetitikna upacara adat kasebut. Gunane pengamatan iki tumrap awake dhewe uga kanggo wong liya. 2. Wosing Isi 2.1 Pangerten upacara adat sing diteliti 2.2 Ancas para warga masyarakat nindakake upacara adat kasebut 2.3 Sapa wae sing nindakake ing upacara adat kasebut lan sapa wae sing rawuh 2.4 Piranti lan ubarampe kang digunakake ing upacara adat kasebut 2.5 Tata cara nindakake upacara adat, wiwit purwakaning (dari awal) nganti pariprnaning (akhir) adicara 3. Dudutan (kesimpulan) lan Panyaruwe (saran) 3.1 Dudutan yaiku ringkesan kang wigati (penting) saka pengamatan kang ditindakake 3.2 Panyaruwe yaiku pituduh lan saruwe (saran) kang katujukake kanggo pengamat– pengamat liyane. Yen wis mangerteni, garapen kagiyatan gladhen ing ngisor iki!



Gladhen 2 1. Gawea kelompok diskusi sing isine 4 siswa, banjur satitikna salah sawijining upacara adat kang ana ing link iki. https://www.youtube.com/watch?v=uDC7-JLpBK4 https://www.youtube.com/watch?v=XefBNehkhjM https://www.youtube.com/watch?v=ibgRT5TVyzE https://www.youtube.com/watch?v=fMeK2PudWdw



2. Catheten bab-bab kang wigati saka upacara adat kasebut. 3. Sawise kokcathet banjur gawenen laporan pengamatan upacara adate kanthi ngetrepna cengkorongan (kerangka) laporane.



7



4. Penutup Supaya bisa dadi ukuran yen wis bisa nguwasani materi upacara adat, ayahana pitakonan ing ngisor iki! 1. Apa bedane upacara adat pengetan (pringatan), lan slametan? 2. Terangna ancas tujuwane upacara larung saji? 3. Ilustrasi: Pak Sis duwe anak lanang, kanggo netepi tradisi Jawa kudu anglakoni upacara-upacara adat ing ngisor iki. Coba jlentrehna pangertene istilah-istilah upacara iki. a) Mitoni b) Brokohan c) (N)jenengi d) Tedhak siten e) Slametan tetakan (sunatan)



8