Cerkak Bahasa Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Endahe kekancan Wektu esuk angin katon sumilir, langit kang biru, lan srengege kang lagi jedul ing sisih wetan dadi saksi kekancan. Dimas urip ing desa kang udara pacen isih seger, ananging sekolahe ing kutha kang kebak polusi. Dimas anak bungsu, sing duwe Adi 2 kang isih Cilik ingkang nomer 2 tasih SD kelas 2, lan kang nomer 3 isih umur 3 tahun. Bapake kerja dadi buruh bangunan kang ora mesti nalika oleh duit, ibuke kerja ning omah ngumabahi sandang para tangga. Saben esuk sakdurunge mangkat sekolah Dimas ngewangi pagaweyan omah dhisik, Dimas ora tega yen ibuke ngrampungke kabeh paweyan omah. Saben dina Dimas mangkat sekolah ngunakake onthel, kira-kira butuh 20 menit kanggo tekan sekolah. Dimas seneng banget amarga iso sekolah ing sekolah favorit, kabeh uwong pengen sekolah ing SMA Budi Luhur iki(sekolah favorit ing Sleman). Ora salah yen bocah ning SMP iki pancen pinter-pinter . Dimas duweni 2 kanca xerak , dheweke tansah bebarengan saben ngelakoni tindakan. Adit, Doni, Dimas kui diceluk trio karo kanca-kanca. Wong telu kuwi mau nduweni sikap sing bedho-bedho nanging sing bedho niku sing saged ngawe persahabatan dados luwih becik. Adit nduweni pasuryan sing ngganteng kados wong China lan paling tuwa dibanding sahabat-sahabate dheweke paling okeh ditresnani karo kanca wedok. Dene Doni nduweni kepinteran lan fikirane sing paling becik ketimbang sahabat-sahabate. Doni, Adit lan Dimas tansah bebarengan saben budhal sekolah. Saben istirahat dheweke mesthi mangkat ing kantin “Ayo nang kantin”, ajak adit “Ayoo… Aku wes lesu iki”, Bales Adit “Arep mangan apa lur??”, Takonku “Aku pengen mangan bakso”, wangsule adit Ing dalan nuju kelas ana cah 2 wedok sing terkenal kaliyan sipat ala. Dheweke ngece awakku yen Doni lan Adit ora pantes yen kekancan karo aku amarga aku saka kaluwarga sing ora mampu, doni lan Adit iku saka kaluwarga mampu bapak ibune kerja dadi pegawai kantoran. "Dit, Don kowe ngopo e kok kekancan karo Dimas ki." omonge si Lulu " Lha emange aku kenapa lu" jawabe aku " Kowe kui anake wong ora duwe, si Dimas karo Doni kan anake wong sugih ora kaya kow." celetukke Lastri " Kowe kui omong opo Las, kabeh kui kanca, ora usah mbedak-bedakke kanca, ning ngarepe Allah drajate manungsa kui kabeh podo" Sahute Doni "Hahaha, malah ceramah, ceramahe uwis don? Arep diteruskke eneh ora?." takonne Lulu "Uwis,uwis rasah ditanggepi meneh wong iki,yoo ning kelas wae " Jawabe Adit



Saiki aku uwis kelas 3, dilit meneh Ujian Nasional. Kathah bayaran sing durung wong tuwaku bayar seko bayar SPP tekan bayar buku sekolah. Saengga aku didawuhi karo guru BK kanggo nglunasi pembayaran kuwi mau. Nalika aku njaluk duit, bapakku muni yen durung duwe duit kanggo bayar sekolah ananing bapakku muni yen arep ngusahakke supados saged bayar sekolah. Aku ora tega yen bapak kudu kerja saka esuk tekan tengah wengi, saengga aku duwe pikiran yen aku arep kerja kanggo ngewangi bapak bayar sekolahku.Aku kerja dodol koran ing dalan, untung seko dodolan koran durung cukup nganggo bayar sekolah. Wes 5 dina iki aku ora mangkat sekolah amarga kerja, kanca-kanca lan guru padha bingung napa awakku iki ora mangkat. "Doni, iki kancamu kok uwis 5 dina ora mangkat kena apa? Takonne bu Indah " Kula boten ngertos bu, kowe ngerti ora dit." jawabe Doni "Wah ora e, cobi bapak ibukke ditelpon mawon bu." Sahute Adit " Kan Wong tuwane boten kagungan hp Bu, yo ora luk hahahahah." Celetukke Lastri " Uwes..uwes saiki lanjutake pelajaran, urusan Dimas mengko ben Buguru sing ngurusi. Adit lan Doni khawatir karo aku, ora ana kabar blas saka Dimas. Njur wong loro kuwi mau duwe pikiran kanggo nemoni Dimas ing omahe. Sakbanjure muleh sekola dheweke lunga menyang omahe Dimas. Wong 3 kuwi mau uwis kaya kaluwarga, semisale salah sawijine dening dheweke gadhah masalah utawi saweg kesusahan dheweke tansah berusaha kangge mbantu lan menghibur dheweke sing gadhah masalah. Dheweke bener-bener kados dulur. " Dimas...." ature Doni “Dim, Kenopo awakmu sedih ora kaya biasane?”, Takok Adit "Kowe napa kok ora mangkat sekolah 5 dina iki." " Ora ono opo-opo kok." Jawabe Dimas "Kowe ora ngono Dim, dewe iki kanca ket bien awak dewe mlebu SMP saiki awakdewe uwis arap lulus. Dewe lak mesti yen ono kancane ono opo-opo mesti lak kandha-kandha to?" "Em...aku jan-janne ora mangkat amarga durung bisa bayar sekolah,aku kudu ngewangi bapakku kerja, iki kepeneran pas aku lagi tekan omah, dilit maneh aku arep dodolan koran." "Dimmm...kowe kok ora omong karo awak dewe, aku ro Doni kan iso ngewangi bayar sekolahmu,aku duwe tabungan sik iso nambahi nggo bayar sekolahmu. " Aku yo mangkono dim,aku yo duwe tabungan lumayan iso nggo nambahi bayar sekolah" "Ora, matur nuwun. Aku wegah ngrepoti kowe kabeh."



"Dewe iki kan kanca, yen kowe susah ayo yo melu susah. Yen aku ngomong ro bapak-ibukku mesti oleh." "Aku yo mangkana dim." "Matur nuwun ya dit,don..kowe pancen kanca paling apik sik aku reti Wong 3 kuwi mau bungah banget. Nalika tekan omah Doni lan Adit ngomongake kededean kang dialami kaliyan Dimas, wong tuwane Doni lan Adit ngrasa prihatin lan arep bayar kabeh biaya sekolahe. Sakwise kedadean kuwi, Dimas bungah banget lan ngaturakke matur nuwun marang wong tuwane Adit lan Doni Dina kang ditunggu uwis teka, UN SMP se-Indonesia uwes dianakake Sakbanjure nglewati 3 tahun sinau ing SMP akhire dheweke kudu nglewati Ujian Nasional supados dheweke saged lulus lan nerusaken sekla ing SMA. Dheweke luwih sregep sinau ing sekola utawi ing umah. Lan pas wektune UN dheweke gugup sanget nanging dheweke saget nglewati. Dinten demi dinten, waktu demi waktu lan akhire pengumuman kelulusan. Dheweke kabeh seneng sanget amargi saged lulus. Doni angsal nilai sing becik sanget. Lela lan Ria angsal nilai sing lumayan becik. Nanging Lulu lan Lastri kirang bejo, dheweke angsal biji kang jeblok. “Horee.. Awak dewe lulus bro", bengok Adit “iya ,Alhamdulillah ." tembung Dimas “Bariki mungkin kita bakal pisah sekola, aku pengen kita ijeh isa bebarengan”, kata Doni “So pasti Don.. Kita kan sahabat saklawase. Iya gak??”, wangsul Adit “Betul, betul, betul”, guyon lela dan ria Ing bebunggahe Adit, Doni lan Dimas ana kasusahan ing awakke Lulu lan Lastri. Banjur ditakoni kaliyan Doni, Adit lan Dimas, jebul wong loro sedhih amarga bijine jeblok. Lulu lan Lastri ngrasa isin amarga uwong kang mbendinane diece oleh biji kang paling apik ing sekolah,wong loro kuwi banjur nyuwun ngapura karo Dimas. Wong kabeh kuwi mau banjur padha-padha wenehi support kanggo kancane lan padha geguyonan kanggo nyalamur kasusahan Lulu lan Lastri.