Cerkak Bahasa Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Kena Tilang Ning kampung Tinja ono uwong sek jenenge Pak Budi. Pak Budi nduwe montor Ninja Abang. Pak Budi seneng banget nduwe motor kuwi. Nek numpak montor mesti biyayakan. Serong kiri, serong kanan, nabrak kandang pitik, nabrak jemuran, malah tambah seneng . “ Bud, kowe ki mesti nek numpak montor kok seneng biyayakan. Kowe ora wedi mati po piye??? ” ditakoni Pak Otong. “ Rapopo ora ana polisi dadine ora bakal ketauan. Nek ketauan gari nyuap rampung.” “ Yowislah sak bahagiamu.”bales Pak otong. Sesoke Pak Budi numpak ninja abang meneh. “ Ah, bosen aku numpak montor ning kampung. Saiki aku tak ning dalan gedhe wae.” Tiba-tiba Pak Otong teka. “ Bud, kowe ameh neng ngendi?? Ojo lali nggawa helm, stnk, karo SIM nek ana razia.” Jarene Pak Otong. “Tong, kowe ki rasah sok sok ngandani. Aku iso ngebut. Nek ana tilang gari mlayu.” Bales Pak Budi. “ Kowe ki mesti angel nek diandani. Yowes lah, ati-ati ojo biyayakan.” “ Kowe ora sah ngatur-ngatur.” bales Pak Budi. Pas neng dalan, ndilalah ana tilang. “ Hwarakadah, malah ana tilang. Mampus aku.” Pak Budi panik. Banjur ndelok dompet. “ Wah, piye ki duitku kok gari sewu.” Piye le nyogok ki??” “Yowis lah, tak ngebut sing santer ben ora kena tilang.” Pak Budi langsung tancep gas. Klakson tengen kiwa. Nganti nubruk becak. “Woyy, nek numpak montor ati-ati” Pengendara liyane padha mbengoki Pak Budi. “Sori-sori kesusu.” Bales Pak Budi. Gara-gara ngebut, Pak budi ora ndelok ana lubang ning ngarepe. “Gedubrak, preng, klontang. Miauuww.” Montor Pak budi tiba nganti spione pecah, banne copot nganti kena kucing. “ Pak-pak panjenengan mboten menapa-menapa?” Ditakoni Pak Polisi. “ Aku rapopo.” Jawab Pak Budi. “ Bapak wonten surat-surat kendaraan menapa mboten? Nembe enten razia.” Takon Pak Polisi “ Waduh suratku ketinggalan kabeh e pak. Aku kudu piye?”. “Kudu ditilang” Jawab e Pak Polisi. “Tenane” Omong e Pak Budi.” Tenan lah” Jawab e Pak Polisi. “Nyo Pak, dinggo sangu” Jawab Pak Budi karo ngei duit.”Opo iki?” Jawab Pak Polisi.”Iki dinggo sangu” Jawab Pak Budi.”Maksut e dinggo nyogok?” Jawab Pak Polisi.”Iyo Pak”Jawab Pak Polisi.”Wegah, koe wis ditilang karo nyogok,ayo melu aku ning kantor polisi” Jawab Pak Polisi.”Ojo Pak”



Jawab Pak Budi.”Kudu, koe uwis ditilang lan ameh nyogok aku”Jawab Pak Polisi karo nggowo Pak Budi ning kantor polisi. Ing kantor polisi, Pak Budi ditakoni karo Pak Polisi “Ngopo koe ngebut lan ra nggawa STNK,SIM, lan liya-liyane?”. “Aku mau buru-buru, dadi ne lali nggawa STNK, lan liya-liyane” Jawab Pak Budi. “Dek e ameh nyogok aku” Jawab Pak Polisi sing nilang Pak Budi. “Tenan?” Jawab Pak Polisi. “Tenan” Jawab Pak Polisi sing nilang Pak Budi. “Iki kudu kei hukuman sing abot, kena pasal-pasal UUD, mlebu penjara wae” Omong e Pak Polisi sing nakoni.”Ojo Pak” Jawab Pak Budi.”Mlebu!!!” Jawab Pak Polisi. Sesok e, Pak Budi disidang, lan entuk hukuman 10 taun ning penjara gara-gara ra nggawa STNK,SIM, lan liya-liyane, lan Pak Budi ameh nyogok Pak Polisi. Pak Budi nyesel amarga dek e numpak motor ngebut,ra nggawa SIM,STNK,lan liya-liyane, lan ameh nyogok Pak Polisi. Akhir e Pak Budi wegah ngebut,wegah ra nggawa SIM,STNK,lan liya-liyane, lan wegah nyogok Polisi meneh.



Nama : 1. Hanif Abdillah



/17



2. Rifat Rizky Adi Nugroho /31 3. Rio Bintang Adi Putra



/32



4. Romy Renaldi



/33