Dumadine Kutha Semarang [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Nalika jaman rumuhun, wonten Pangeran ingkang asma Raden Made Pandan saking Keraton Demak. Raden Made Pandan ugi dipuntepangi dados ahli agama Islam utawi ulama ingkang dipunkurmati dening sedayaning masyarakat. Raden Made Pandan kagungan putera ingkang asma Raden Pandanarang. Raden Pandanarang menika atmaja ingkang becik tindak-tandukipun, grapyak, sopan lan santun, sarta tansah ngurmati dhumateng tiyang sepuh. Sawijining dinten, Raden Pandanarang saha abdi keraton dipunutus dening Raden Made Pandan tindak saking dhaerah Kasultanan Demak. “Puteraku. Menapa sliramu purun melu tindak ngulandara karo aku? Benjang kita sedaya badhe nilaraken dhaerah Kasultanan Demak niki sareng-sareng ingkang kairing dening abdi keraton,” pitakon Raden Made Pandan dhumateng puteranipun. “Badhe ngulandara dhumateng pundi, Ayahanda?” sawurane Raden Pandanarang penasaran. “Kita sedaya badhe tindak nuju sisih kulon. Wonten mriku kita sedaya badhe nyebaraken agama Islam. Dhek semanten, aku mireng menawi bantala wonten ngrika subur sanget. akan pergi menuju kea rah barat. Di sana kita akan menyebarkan agama Islam. Siyagake awakmu, Puteraku,” ngendikanipun Raden Made Pandan seraya menepuk pundak puteranya. “Inggih, Ayahanda.” Sedayanipun lajeng tindak dhateng kulon. Ngantos ing sawijining dinten, dugi wonten sawijining dhaerah ingkang subur. Lajeng sedayanipun mlebet wana lan ndamel griya wonten dhaerah nika. “Dhewe mandheg wonten ngriki mawon. Enggal utusake dhateng abdi keraton supados nebangi wit-wit wonten wana niki, lajeng damelaken griya kagem papan panggonanipun kita sedaya, puteraku,” utusanipun Raden Made Pandan kanthi teges. Dipunterasken Raden Made Pandan nyebaraken agama Islam wonten papan ngriku kanthi wangunaken pondok pesantren. Wiwitanipun, namung pangiring uga abdi ingkang dados muridipun. Nanging, saya dangu saya kathah tiyang ingkang dados muridipun uga netepaken lenggah wonten dhaerah ngriku. Sawijining dinten, abdi kaeraton sowan madhep Raden Made Pandan. “Gusti, wonten njawi kathah penduduk ingkang rawuh. Sedayanipun kersa sinau agama Islam wonten pondok pesatren ngriki. Kados pundi menika, Gusti?” “Dipunsumanggakaken sedayanipun mlebet wonten ing pondok pesantren niki. Kula badhe nampa sedaya ingkang rawuh dados muridku lan kita sedaya badhe nyinaoni ajaran agama Islam sarengsareng,” ngendikanipun Raden Made Pandan. Raden Made Pandan kagungan pangajab menawi ing sawijining dinten mangke, putranipun saged nggantosaken panjenengane dados guru agama Islam wonten dhaerah ngriku. Raden Made nilaraken wasiat dhumateng puteranipun, Raden Pandanarang. “Puteraku, menawi Bapa kapundhut dening Gusti Allah, mila terasaken perjuwangan bapa kagem nyebaraken agama Islam wonten dhaerah ngriki. Tuntunen umat kagem ngolahaken pertanian. Uga ora nate nilaraken dhaerah niki uga tansah nindakaken kawruhipun Para Wali. Insya’Allah gesangmu bakal rahayu ing donya lan akhirat.”



“Sendika dhawuh, Ayahanda,” wangsulanipun Raden Pandanarang kanthi raos kurmat. Raden Pandanarang tansah eling dhawuhing tiyang sepuhipun. Bibar Raden Made Pandan seda, Raden Pandanarang nerasaken mucalaken agama Islam dhumateng masyarakat uga njagi papan panggonan niku kanthi sae. Saya dangu dhaerah ngriku saya subur, radi sedaya tanduran saged tuwuh ing dhaerah ngriku. Kathah tiyang sanes saking njawi rawuh lan lenggah wonten dhaerah ngriku. Murid ingkang ndherek Raden Pandanarang ugi saya kathah. Sawijining dinten, mirsani sawijing babagan ingkang kirang trep (janggal). Antawisipun wit-witan ingkang subur, katon sawetara wit asem ingkang tuwuh kanthi tetebihan. “Wonten menapa wit-wit asem niku tuwuh tetebihan, nanging kanyatanipun lemah ing ngriki tansah subur, nggih?” pitakonipun Raden Pandanarang. “Leres, Raden …!” sumawure sawetaraning tiyang. “Niki pancen sawijining perkawis ingkang mboten biyasanipun wonten. Menawi mekaten, dhaerah ngriki badhe kula paring asma Semarang. Asalipun saking tembung sem sing arang-arang (asem yang jarangjarang).” Lelakoning pandirinipun lan purwakaning dhaerah Semarang ingkang kaping setunggal, dados Raden Pandanarang dipunwisuda dados panguwasa (pemimpin) lan kagungan gelar Ki Ageng Pananarang 1.