Naskah Ludruk X10 [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Naskah Ludruk Bahasa Jawa Naskah Drama



⮚ Moderator : Sawijining dalu weruh limang bocah lanang padha kumpul ing pos ronda, sing paling kiwa yaiku Raka, bocah cilik, cendhek, cekikikan. Lan kanca liyane. ⮚ Raka : rek kene kumpul aku nduwe rencana ⮚ Bocah 2 : rencana opo maneh iki, lak nyenengno ati aku melu karo seng liyane ⮚ Bocah 3,4,5 : iyo, aku manut lak rencana e ngunu kui ⮚ Raka : ayo melek sampe isuk nang pos, trs awk dwe kabeh tuku ngombe(arak/ciu) mesisan main kartu remi opo domino, piye setuju opo ora awkmu kabeh? ⮚ Bocah 2 : ojo main domino, aku engkok kalah bandar akeh, piye lak main kartu remi ae, ben aku is ⮚ Bocah 4 : iyo setuju lak main kartu remi ⮚ Bocah 3,5 : iyo aku manut ae pokok e seneng – seneng ⮚ Scan ( arek 5 mau main kartu remi, tapi sak durunge main kartu remi arek - arek iku mau ngombe disek ) ⮚ Scan ( ing wayah isuk ono ibu – ibu bakul sayur lewat kampung lebak) meja disurung ⮚ Ibu sayur : sayur!!! Kemis Kamis, muga-muga laris maniss ⮚ Ibu” 1 : Mbak sayur!! ⮚ Moderator : bakul sayur kui mandhek lan ngladeni pelanggane, ibu-ibu liyane ya melu Moro gawe tuku sayur kanggo awan menyisan. ⮚ Ibu” 1 : bayem karo terong e setunggal pintenanbu? ⮚ Ibu sayur : bayem e gangsal ewu, trs terong e kali ewu mawon ⮚ Ibu” 2 : mbak semanggi seperapat ono ora? Utang disek oleh opo ra? ⮚ Ibu sayur : lak semanggi e wonten buk, tapi lak panjenengan ngutang mboten angsal buk



⮚ Ibu” 2 : ngeh pun kulo mboten ngutang, tapi semanggi ne seperapat ngeh buk ⮚ Ibu” 2 : loh arek iku lak anake Surti, Ket mau bengi mendem lan judi ing pos ronda, duhhh ngerusak jeneng kampung ae! ⮚ Ibu 3 : moso iyoo seh? Ojok asal nuduh, lek salah kan bahaya Bu! ⮚ Ibu” 2 : wes ketok Iki lohh Nang ngarep moto mbak, kih delengen! ⮚ Ibu” 1 : YA ALLAH GUSTI PANGERAN KULOOO ! IYO tenan!! MUNG RUSAK DESA! ⮚ Ibu” 2 : Delengen ta, pasti masa depan e ra karuan, margone kegiatan gak jelas ngunu! (karo rai sing ngremehake) ⮚ Moderator : arek enom sing ana ing pos ronda ora sengojo kerungu lan ngampiri ibuk-ibuk ⮚ Bocah nakal 1 : isuk-isuk ono opo iki, kupingku wis panas (takon karo rada mandeg) ⮚ Bocah nakal 2 : oh iki ibu sing paling soleh lan anake terkenal paling alim iku ta? ⮚ Bocah nakal 1 : ekhm, nek omahe Ono terop biru ojok kaget, biasane meneng-meneng ngolehi. ⮚ Moderator : kabeh arek ngguyu bareng karo ngilokno ibuk ibuk iku mau ⮚ Ibu² 2: koen kabeh iku wes ngelek ngelekno jeneng apik kampung ,ngombe ngombe lan judi ning kampung iki ngaleh o ae. Tak jamin awakmu ora bakal entuk kerjoan!. (rodok emosi) ⮚ Anak nakal 1 : halah kakean omong, aku yakin iso sukses masio uripku koyo ngene lan ora peduli ambek omongan karo cacian sampean. ⮚ Moderator : dino sabendinane arek arek iku pancet ae kelakuan e, tambah dino tambah elek koyo ngombe oplosan sabendino, judi lan nggawe narkoba saben bengi koyo ngombe madu. Dino sabendino dilewati, tambah dino tambah ruwet koyo dawet mbelibet ⮚ Anak nakal 1 : ono seng nduwe rokok opo ora, aku ra ndue duwet sok ale lambeku yo sepet iki ⮚ Anak nakal 2 : kono ngemut odol ⮚ Anak nakal 1 : aku ero yoopo carane ben awKdwe iso rokokan lan pesta oplosan. ⮚ Korban 1 : ayo melaku-melaku mesisan dolan. nang tunjungan, tapi rodok bengi ae.



⮚ Korban 2 : iyo ayo aku setuju pol lak iku ⮚ Moderator : sesok e arek arek iku ngelancarake aksi ing daerah tunjungan, nyopet wedok sing lagi melaku-melaku nang daerah tunjungan pas sepi ⮚ Scan copet (melaku nabrak pura² njlk sepuro padahal njupuk dompet e) ⮚ Anak nakal 1 : jupuk !! ⮚ Korban 1 : tulunggg ono copet..tulung copett!!! ⮚ Moderator : arek iku iso lolos lan entuk keuntungane , teko keuntungan iku arek 2 kui nggunakake gawe kegiatan koyok biasane ⮚ Anak nakal 1 : ayook nang bang ronal awakdewe tuku barang(narkoba) ⮚ Anak nakal 2 3 4 5 : ayo!!!!!ayo!ayo!ayo!!!! ⮚ Moderator : ing panggon transaksi arek arek kui tuku barang lan ngekekake duwit nang bang ronal, ing sisi liyo pas teko omah, ronal dadi sasaran amukan ibuke. ⮚ Ibu²: teko endi ae awkmu budal isuk moleh bengi,koyok preman ae!!ape dadi preman ta kon kyok si***,oh ancen arek gaero di untung ,beban,nyesel aku ngelahirno awkmu bajingan!! ⮚ Ronald: kakean cocot awkmu iku ⮚ Moderator: dadi sasaran,ronald ngeroso ke tekenan ambek stress,akhir e ronald melu pesta ambek *** dan arek arek ⮚ Anak 1: loh tumben mas ⮚ Ronald:... ⮚ Moderator: akhire ronal melu lungguh dan melu pesta,pas iku ronald melok ngombe ngombe ⮚ Karo ngonsumsi narkoba seng jumlah e wuakeh seng nyebab no ronald moro-moro semaput lan lambe ne metu busa ⮚ Anak nakal 3: loh loh loh opo iki cakk ⮚ Anak nakal 1 : aku gak melok melok tapi melok ndelok



⮚ Anak nakal 3: aku ga guyon blok ⮚ Anak nakal 1 : iyo aku ero, tapi aku gak ero kenek opo ronal ⮚ Moderator: moro-moro onok uwong seng ndobrak lawang,dadakno iku segerombolan bapak-bapak keker yo iku polisi, polisi langsung nyergep kabeh arek-arek seng njero ambek gowo mayet e ronal



⮚ Sesok e onok berita seng nyebar luas,ing kampung**** ngenani matine ronal lan ngerebek sak kumpulan arek nom seng lagi pesta miras lan narkoba



⮚ Ono ne berita kematian ronald ibu ne ronald ngeroso gelo amarga ora iso ngawasi pergaulan ne anak e