Pengantar Makalah Bahasa Jawa Seni Ludruk [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

MAKALAH BAHASA JAWA LU D R U K



Disusun Oleh : 1. MEI EVA YUANASARI 2. NENI ANDRIANA 3. WISNU DWI PRABOWO 4. RICKY DEWANTARA



SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN NEGERI 3 PAC I TAN TAHUN PELAJARAN 2016 / 2017



KATA PENGANTAR Puji syukur kula aturaken dening ngarsanipun gusti Allah SWT, saengga kula lan rencang-rencang saged ngerampungaken tugas bahasa jawi kanthi mboten wonten aral satunggal punapa. Matur nuwun sanget kula



aturaken



dhumateng bapak/ibu guru



pembimbing ingkang sampun mbimbing kula lan rencnag-rencang anggenipun damel makalah punika. Makalah punika kangge ngerampungaken tugas basa jawi yaiku materi kesenian tradisional ludruk, mugi-mugi makalah punika wonten faedahipun dhumateng kitha sedoyo. Makalah punika taksih kirang sampurna amargi wekdal ingkang kesesa ugi kirang pangertosanipun kula lan rencang—rencang. Kula suwun kirik lan saran saking pamaos, wasana matur nuwun. Pacitan, Februari 2017 Penyusun



BAB I PENDAHULUAN A. Latar Belakang Ingkang ngelatar belakangi penyusunan makalah basa jawi ingkang judulipun Seni Ludruk inggih punika kangge njangkepi tugas saking guru basa jawi, ugi supaya mangerteni kesenian tradisional. Seni ludruk iku seni panggung sing asale saka jawa wetan. Pramila seni ludruk iku muncul saka kesenian rakyat jenenge basutan, seni basutan iki biyen dipentasake ing ratan lan di tonton dening wong akeh. Ludruk kasebar ing tlatah jawa wetan sing budayane arekan. Wiwit saka Jombang nganti Jember. B. Tujuan Tujuan pendamelan Makalah Kesenian Tradisional Ludruk inggih punika : -



Njangkepi tugas saking guru bahasa jawi



-



Supaya ngerti asal – usul lan sejarahe seni ludruk yaiku kesenian kang asale saka jawa timur



-



Supaya numbuhake rasa cinta marang budaya Indonesia khususipun dening generasi muda



-



Kangge latihan ndamel makalah basa jawi kanthi bener.



C. Manfaat Manfaat ingkang saged dipun petik saking pendamelan Makalah Kesenian Tradisional Ludruk inggih punika : -



Kangge ngenalake kesenian ludruk dening pamaos



-



Kangge nambah wawasan kita sedaya khususipun bab kesenian ludruk



-



Kangge ngenalake dening masyarakat tentang kesenian ludruk iku kudu terus dilestarekake saengga kesenian tradisional ora kalah ambi kesenian modern.