PRANATACARA [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Elma Widya Saputri_17020114020



Pranatacara Assalamualaikum Wr. Wb. Nuwun, para pepundhen ingkang satuhu kinabekten, para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinurmatan, para tamu ingkang minulya, sarta kadang kula wredha miwah mudha ingkang sutresna. Sumangga tansah kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti, Pangeran ingkang Mahawelas lan asih ingkang sampun ngluberaken kanugrahan ingkang arupi kanikmatan ingkang tanpa pepindhan. Kathanda ingkang dinten punika, kita sampun dipun keparengaken makempal kanthi wilujeng ing papan punika, saperlu sami pengetan dinten Ambal Warsa Kutha Surabaya, Rebo, 31 Mei 2018 kanthi sesanti “Memetri Jayaning Budaya Nagari”. Kawula nuwun, ingkang kinurmatan Gubernur Jawa Timur mawi Wakil, Walikota Surabaya mawi Wakil. Saha ingkang kawulo hormati poro pini ugi aji sepuh ingkang sampun rawuh dhateng adicara samenika. Kula dhateng ngriki badhe ngaturaken titi laksana adicara pawiwahan ing wanci menika. Susunan Acaranipun inggih punika : 1. Pambuka 2. Sambutan Walikota Kutha Surabaya 3. Sambutan Gubernur Jawa Timur 4. Pagelaran seni arupa kethoprak 5. Pagelaran tari-tari khas Jawa Timur 6. Pagelatan seni arupa ludruk



7. Pagelaran Wayang Kulit 8. Penutup Adicara ingkang sepisan inggih menika sambutan. Sambutan ingkang kaping setunggal nuninggih sambutan sangking Walikota Kutha Surabaya ingkang bade kaslirani dumateng Ir. Tri Rismaharini, M.T., kula sumanggaken. Sambutan ingkang kaping kalih inggih menika saking Gubernur Jawa Timur. Dhumateng Dr. H. Soekarwo, S.H, M.Hum. wekdal kulo sumanggakaken. Matur nuwun. Adicara ingkang kaping tiga, inggih menika adicara samenika, pagelaran seni arupa kethoprak kanthi lakon “Retno Dumilah” dening Sanggar Kethoprak Surabaya. Wekdal kaliyan panggenan kula sumanggakaken. Matur nuwun. Salajengipun inggih adicara samenika, pagelaran tari-tarian khas Jawa Timur ingkang dipuntampilaken dening Sanggar Tari Ramayana Surabaya, kula sumanggakaken. Adicara kaping gangsal inggih menika pagelaran seni arupa ludruk kanthi lakon “Sarip Tambak Asa” dening Sanggar Bharada Unesa Surabaya, kula sumangakaken. Lumampah adicoro sak lajengipun inggih menika pagelaran wayang kulit dalang Ki Pramudya, wekdal kaliyan panggenan kula sumanggakake. Adicara ingkang pungkasan inggih menika wasana. Kula minangka pranatcara nyuwun agunging pangapunten dhumateng panjenengan sedaya menawi kula kathah kalepatan. Sugeng kondur, pungkasaning atur mangga samya hasesanti jaya-jaya wijayanti, nirbaya, nirwikara, nir ing sambekala. Nuwun. Wassalamualaikum Wr. Wb.