Pupuh Gambuh Bagean Loro - Gancaran [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Materi Basa Jawa Kelas XI Semester Genap SMK BAKTI NUSANTARA SIDOHARJO



Dening : Alvian Crisnha Sulistianto, S.Th



Gancaran ing basa Indonesia diarani prosa. Nggancarake ateges ngowahi tembang nganggo basane dhewe supaya bisa dadi gancaran. Sadurunge gawe gancaran kudu mangreteni carane nggancarake.



Ing ngisor iki tata cara gawe gancaran saka tembang. 1. Ukara-ukarane tembang kang mawa tembung baliswara (tembung kang anggone negesi kanthi diwalik). Kudu diudhari. 2. Menawa ana tembung Kawi (tembung Jawa Kuna) kudu diowahi dadi tembung Jawa anyar kang lumrah dienggo utawa dirungokake saben dinane. 3. Menawa ana tembung garba (tembung sandi) kudu diudhari. 4. Kanggo nglarasake ukara supaya ora kaku bisa mbuwang utawa ngilangi tembung saperlune. Mangkono uga tumrap ater-ater lan panambang. 5. Pada/ bait diowahi dadi paragraf kanthi bener.



Pada 1: Samengko ingsun tutur, Sembah catur supaya lumuntur, Dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki, Ing kono lamun tinemu, Tandha nugrahing Manon. Gancarane: Saiki aku (Mangkunegara IV) arep ngendika Ana patang sembah supaya diwarisake Kawiwitane sembah raga, kapindho sembah cipta, kaping telu sembah jiwa, lan kaping papat sembah rasa, putraku Saka patang sembah iku bakal tinemu Tandha-tandha kanugrahan saka Gusti



Saka gancaran kasebut bisa dimangreteni isine tembang yaiku ana piwulang luhur kang kudu ditindakake dening kabeh manungsa, yaiku catur sembah, menawa nindakake patang sembah kasebut bisa mangreteni tandha-tandha kanugrahane saka Gusti



Gawea gancaran saka tembang Gambuh ing ngisor iki. Jlentrehna apa isine tembang kasebut! Sembah raga punika, Pakartine wong amagang laku, Susucine asarana saking warih, Kang wus lumrah limang wektu, Wantu wataking wawaton. Inguni-uni ersua, Sinarawung wulang kang sinerung, Lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit, Mintoken kawagnyanipun, Sarengate elok-elok.