Cerkak [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Nama



: ROHADATUL A'ISYI



Kelas



: X TKJ 3



No. Absen : 29



Cerita Cerkak



Neng dino sabtu pas mulih sekolah ono pengumuman babagan arep dienekne LCC utawo “Lomba Cerdas Cermat”, sing arep diadakne dino senen lan panggone neng lantai paleng duwur dewe kono. Ono ing cerkak bahasa jawa iki dikisahke Faiz lan koncone ono neng kelas lan ngrungokake pengumuman kuwi mau. “Faiz, piye miturut kowe, kowe opo arep meloni lomba kuwi ora?” Dafa ngesem. “Miturutku lomba mau menarik uga sih”, kondho Faiz sing mlaku nuju kancane “Dafa, La piye yen kowe melu lomba kuwi?, ya ora konco-konco”, Dafa karo Faiz lunggoh “iyo aku karo Mia uga setuju karo usulane Dafa mau”, Lisa lan Mia njawab barengan. “Ehm, yowis lah aku tak melu lomba kuwi”, Faiz ngesem “Nah yo ngunu, kuwi lagi koncone awake dhewe”, Dafa ndelengne Faiz “Eh konco-konco awake dhewe arep nang perpustakaan yo”, Faiz ngajak kabeh koncone “iyo ayo aku uga pengen moco buku”, kabeh koncone njawab karo barengan. Faiz lan kabehane konci menyang perpustakaan sekolah, neng tengah ndalan Reza pengen lungo menyang toilet “eh Anis aku arep menyang toilet sedilit yo, aku wis ora kuwat kie” Reza njalok ijen marang Anis “hahaha, iyo cepet yo menyang toilet kono” Anis ngguyuni Reza “nuwun yo”, Reza mlayu cepet nuju toilet, banjur Faiz lan kancane lungo menyang perpustakaan meneh “akhire teko sisan neng perpustakaane”, bolone Dafa marang kancane sedanten lan dheweke banjur nggoleki buku-buku sing arep diwoco . “Anis, yen kowe arep nggoleki buku, kowe disik wae soale aku jek arep nggoleki buku crito sek cah”, Faiz melaku karo nggoleki-golek buku seng lagi digoleki “iya aku juga pengen nggoleki buku Matematika”, Anis ngesem lan Dina, ngira uga nggolek-golek buku cerita bahasa jawa kanthi tema pendidikannya sekolah dan persahabatan. Reza sing mau nang toilet terus banjur bali menyang perpustakaan, neng tengah dalan dheweke ndelengne cah wedok seng ayu lan wedokane kuwi nyeluke “Hehh Reza cepetan mrene”, Reza langsung nuju bocah wedok seng kesebut “ono opo? kenalan baru Kok kowe reti jenengku?”, Reza bingung “aku wes reti jenengmu seko Faiz”, cah wadon kuwi mau njawab nganggo bahasa jowo cekak“oh ngunuh tah, la jeneng mu sopo?”, Reza ngesem



karo Bela “jenengku Bela”, wedok kuwi ngesem uga karo reza “kowe kelas piro Bela?”, takon Reza karo isin-isin. “Aku iseh kelas VII, la kowe mau ki arep nengendi?”, Bela kuwi ngesem meneh karo reza “oh iyo aku lali, saiki aku arep menyang nang perpustakaan lan konco-konco ku wis nunggu aku ketmau, aku arep menyang nang perpustakaan sek yo Bela”, Reza langsung mlayu nuju perpustakaan “iyo”, Bela ngesem. Reza wes tekan neng perpustakaan lan dheweke nggoleki kanca-kancane. Nuli dheweke ndeleng Dafa karo Faiz iseh mboco buku “Dafa, Faiz cepet mrene, sedilut meneh iki wes jam 15.00 kie!”, Reza nyeluk karo mlaku nuju dekne kabeh “yo awake dewe nggoleki seng liyane”, Reza kemrungsung. baca buku di perpustakaan “Anis yo awake dewe gek muleh ayo, wis sore kie!” Nuli Anis muleh bareng konco seng liyane kajaba Faiz lan Dafa ora mulih bareng dekne, amergo arah omahe bedo. Nang bengi dina Faiz njaga-jaga karo nyiapake lomba sing arep dionokne nang dino senin kuwi, ora kroso saiki wis jam 9 mbengi wayahe dheweke turu. Nang dino senen Faiz deg-degan mergone dheweke arep melu lomba dino iki, karo raine sing kuwatir lan radha PD dheweke mangkat sekolah. Ora kroso dheweke wis ketuk ana sekolahan, ra let suwe banjur tekp kancane lan dhekne kabeh nyedhaki “Faiz saiki kowe wes siap durung kanggo ngalahke musuh-musuh sekolah liyane?” Koncone takon marang Faiz “Iya Insyaallah aku juga wes siap”, dheweke ngesem . lomba cerkak semakin dekat “Apik lak ngono mesti kowe bakal seng dadi juara”, Dafa celatu sing ditulis neng cerita boso jowo iki. “ Yo awake dewe munggah lantai paling nduwur dewe karo siap-siap!”, Faiz lan koncone lungo nuju lantai ndhuwur . “iyo cepet yok sadurung telat”, Dafa ketok semangat banget Faiz lan kancane wis ketok neng lantai ndhuwur, nuli wilda mlaku arah palungguhane ngge siapsiap “semangat yo Faiz”, koncone menehake semangat kanggo dheweke, karo wayah seng terus mlaku ora kroso lomba iki kawiwitan. mengerjakan tugas cerkak Faiz kanthi yakin iso ngerjakne tugas sing akeh kuwi, ora kroso wayah wis kari limang menit maneh, lan Faiz wis ugo meh ngampungke soal-soal ono lomba kuwi mau. Sanajan dheweke ngadepi soal sing angel ning dheweke ora gelem nyerah, guru-guru lan koncokoncone kabeh ngekei motivasi marang dheweke, wayah wes entek lan Faiz uga wis ngrampungke soal sing akeh kuwi mau. Kanthi raine sing bungah dheweke ora ngiro bisa ngrampungke soal lomba. Wayah sing gawe deg-degan wes kliwat, mergo saiki wektune ngge meruhi sopo seng dadi pemenang seko lomba cerdas cermat kuwi mau.



pemenang lomba Pemenang seko lomba cerdas cermat akhire diumumke uga, lan koyo seng wes pada dikarepke pemenang seko lomba cerdas cermat nang dino iki yaiku Faiz, bar kui dheweke dadi juara dheweke langsung bersyukur lan ngucapke panuwun marang sekabehe seng wis menehake semangat marang dek e. Lan akhire dheweke dikenal dadi bocah sing cerdas lan pinter neng sekolahne. Mangkene kisah pribadi Faiz ini lan kabeh koncone sing ditulisake ono cerita bahasa jawa ben iso dadi contoh salah siji ning cerkak kanggo sinau bebarengan.