Gladhen Soal Basa Jawa [PDF]

  • Author / Uploaded
  • Sukar
  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

SOAL UNTUK KELAS VII SMP SEMESTER 1 MATAPELAJARAN BAHASA JAWA Disusun untuk memenuhi tugas akhir mata kuliah Tes Bahasa Dosen Pengampu : Ucik Fuadiyah



Disusun oleh : Dinda Vebiana Dewi (2601411090) Rombel :4



JURUSAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG 2014



TES UJI COBA Mata Pelajaran Kelas / semester Hari / tanggal Waktu



: Bahasa Jawa : VII / Gasal : Selasa / 16 Januari 2014 : 2 x 40 menit



I. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi cara ngeping (x) ana ing aksara a, b, c utawa d kang bener ! 1. Pak Tri : “Ris mengko jare arep pada nonton Sekatenan, sida apa ora?” Aris : “Siyos Pak, mangke radi ndalu.” Pak Tri : “Mengko mangkat bareng ya!” Aris : “…” Ukara kang trep miturut unggah-ungguh basa yaiku…. a. Nggih pak, tindak tabuh 20:00 nggih. b. Mangke kula badhe kesah kaliyan kanca-kanca Pak. c. Ora bisa Pak, engko aku arep mangkat bareng kanca-kanca. d. Boten saget, mangke ngrepoti kula. 2. Mas Thomas : “Nuwun sewu, badhe nyuwun pirsa, daleme Pak Butet wonten pundi, nggih ? Mas Bambang : …. Wangsulan kang bener miturut unggah-ungguh yaiku…. a. Pangapunten mas, kula boten mangertos. b. Ngapuntene mawon lho mas! c. Pangapura, aku ora ngerti. d. Gedhe pangapurane, aku ora ngerti. Wacan kanggo soal no. 3 Wara-wara 3. Assalamualaikum wr.wb Kangge sedaya warga Dusun Pesantren RT 04/ Rw 02, Kecamatan Tambak, kasuwun rawuhipun kangge nyengkuyung sareng adicara resik-resik dusun, mbenjang dinten Ahad tabuh 08.00 lan kempal wonten ngajeng baledusun. Kangge sedaya warga kasuwun ngasta piranthi resik-resik piyambak. Nuwun, Wasalamualaikum wr.wb Wara-wara ing nduwur mau, diandarake kanggo… a. Kepala dusun Pesantren RT 04/ Rw 02, Kecamatan Tambak. b. Warga dusun Pesantren RT 04/ Rw 02, Kecamatan Tambak. c. Warga dusun Pesantren RT 04/ Rw 01, Kecamatan Tambak. d. Perangkat dusun Pesantren RT 04/ Rw 02, Kecamatan Tambak. 4. Mbak Nana : “Dhik…, mau nalika menyang daleme Simbah, kowe lan Bapak mangkat numpak apa?”



Adhik : “Aku mangkat … becak, lan Bapak tindak … motor.” Tembung kang trep miturut unggah-ungguh, kanggo ngisi ukara kang rumpang yaiku… a. numpak, numpak b. nitih, numpak c. numpak, nitih d. nitih, nitih 5.



Nalika … ngunjuk wedang rondhe, … melu-melu ngombe wedang rondhe. Tembung kang trep miturut unggah-ungguh, kanggo ngisi ukara kang rumpang yaiku… a. Adiku, Adiku b. Eyang, Adiku c. Adiku, Eyang d. Eyang, Eyang



Wacan kanggo soal no. 6 Kirang langkung jam sedasa enjang bis ingkang kula tumpaki sampun dumugi ing plataranipun Kebon Binatang Gembiraloka. Dados, saking kutha kula dumugi Ngayogyakarta kirang langkung namung satungga l jam. Saksampunipun Bapak Guru mundhut karcis, kula sakanca lajeng mlebet. Bapak Guru saha Ibu Guru paring dawuh, supados kula sadaya boten kepareng ngganggu kewan-kewan ingkang wonten ing Kebun Binatang. Kapetik saka:http://ithinkeducation.blogspot.com/2013/06/tuladha-carita-pengalaman-tenboso-jowo.html 6. Inti saka wacan ing dhuwur nyeritakake babagan…. a. Dhateng Kebun Binatang sareng bapak, Ibu guru sakanca. b. Dhateng Kebun Binatang sareng keluarga. c. Dhateng Taman Pintar sareng bapak, Ibu guru sakanca. d. Dhateng Taman Pintar sinau ngenani kewan-kewan.



Gurit kanggo soal no.7-8 Pitutur (dening : A.S. Yasman) Anakku… Sun kekudang bisaa nggayuh lintang Aja tumoleh, Lamun durung bisa ngranggeh! Tebahna dhadha… jembarna paseduluran Aja keladuk sesonggaran Mundhak karoban mungsuh! Eling… mungsuh siji rinasa kakehan 7. Apa inti saka gurit kanthi irah-irahan pitutur mau…. a. Kekarepan biyung kanggo nggayuh lintang b. Donga anak marang biyung c. Ngelingake urip iki akeh mungsuh d. Donga wong tuwa marang anake 8.



Anakku… Sun kekudang bisaa nggayuh lintang Aja tumoleh, Lamun durung bisa ngranggeh! Bisa nggayuh lintang miturut gurit mau tegese… a. Bisa nyandak lintang. b. Bisa ketemu wong sing dikangeni. c. Bisa kasembadan sing dikarepake. d. Bisa numpak motor mabur.



9. Yen ditulis nganggo aksara latin unine… a. a. b. c.



Beni dhak silihi caping gunung. Beni dak silihi caping gunung. Beny dak silihi caping gunung. Beny dhak silihi caping gunung.



10.



Yen ditulis nganggo aksara latin munine… a. Yen mendung dak silihi caping gunung. b. Yen mendhung dak silihi caping gunung. c. Yen mendung dhak silihi caping gunung. d. Yen menthung dhak silihi caping gunung. Salah sawijining iklan ing radio A : Ca, kanca. B : Apa? A: Bosen temen kayane. B : Iya iki,,, kepengin tontonan sing ora biasa. A : Lhaa, nonton ketoprak yuk, dijamin ora biasa, critane uga apik. B : Nang ngendi? Mesthi larang ! A : Eh, aja salah. Tikete murah sisan. Mung Rp 5.000,00. Manggon nang Auditorium RRI Jogja. B : Kapan? Kapan? A : Saben awal wulan dina minggu tabuh 8 bengi. B : tabuh pira? A : tabuh 8 wengi…. B : tabuh pira??? A : tabuh 8 wengi… B : tabuh pira??? A : Halah… Kakehan takon. Ayoo ndang mangkat. Wis arep tabuh 8 iki. 11. Iklan ing nduwur babar babagan… a. Ringgit tiyang b. Wayang kulit c. Kethoprak d. Sekaten



12. “Sregep sinau”, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku...



Aris Thomas



: “ Kepiye miturutmu Thom, bab ulangan basa Jawa wingi kae? angel ta?” : “ Miturutku ulangan basa Jawa wingi ora kabeh angel, sing gampang malah luwih akeh. Kabeh iku yen gelem sinau tenanan ya bakal bisa nggarap.”



Kapethik saka : Marsudi Basa lan Sastra Jawa Anyar kelas VII 13. Piwulang kang bisa kapetik saka pacelathon ing nduwur yaiku… a. Ana wulanagan kang angel senajan wis sinau. b. Wulangan basa Jawa wingi akeh kang gampang. c. Ora ana wulangan kang angel menawa gelem tenanan anggone sinau. d. Kebeh ulangan basa Jawa iku angel-angel. I. Rupiksa maos kalawarti. II. Bapak dhahar sate. III. Simbah mlaku menyang pasar. IV. Ibu maringi arta dhateng kula. 14. Ukara kang ora mawa basa krama yaiku... a. I lan II b. I, II lan III c. I , II, III lan IV d. III 15. Riyan : “ Halo,,, assalamualaikum..” Radit : “Waalaikum salam, menika sinten nggih?” Riyan : “Menapa leres menika Radit? Kula Riyan,” Radit : “Ow... Riyan, wonten perlu napa nggih?” Pacelathon ing nduwur kalaksanan ana ing... a. Sekolah b. Dalan c. Omah d. Telpun 16. Sapa kang ngwiwiti guneman sajroning pacelathon .... a. Radit b. Rendy c. Rizal d. Riyan



17. Te



18. Ukara “Ibu kula dados guru basa Jawi.” Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …. a. b. c. d.



. . . .



Wacan kanggo soal no. 19 lan 20 Bekti : “Sapa jenengmu, aku dek wingi durung kenalan.” Beny : “Jenengku Beny Putro Suseno, yen ngundhang aku Beny wae. Sampean sapa jenenge?” Bekti : “Aku Bekti Indra Wijaya.” Beny : “Biyen saka SD ngendi?” Bekti : “Aku saka SD Negeri 1 Pesantren. Lha kowe saka SD ngendi?” Beny : “Aku saka SD Negeri Karang pucung. Kancamu sing ketampa ing sekolah kene akeh?” 19. Manut pacelathon ing nduwur mau, siswa kang SD Negeri Pesantren yaiku…. a. Indra b. Suseno c. Beny d. Putro



20. Beny lan Bekti saiki lagi lungguh ing kelas…. a. Pitu b. Wolu c. Sanga d. Sepuluh II. Isenana pitakonanan ing ngisor iki ! 1. Bapakku mangkat kerja nalika Ibu maca koran. Ukara ing nduwur yen ditulis nganggo basa krama yaiku .... 2.



Aku lunga pasar tabuh pitu nalika Kardi ameh sekolah. Yen ditulis nganggo aksara latin munine ….



3.



Tulisana mawa aksara jawa ! Ajeni wong liya menawa kowe kepengin diajeni liyan.



4.



Gawea pacelathon karo kanca sekelas ing telpun, kang isine ngrembug bab tugas pelajaran Basa Jawa, nganggo basa krama !



5.



Gawea ukara nganggo tembung : a.



Samparan



b.



Ngasta



KUNCI JAWABAN TES UJI COBA KELAS VII I.



Jawaban soal pilihan ganda



No



Jawaban



1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 II.



a a a a a a a a a a a a a a a a a a a a



b b b b b b b b b b b b b b b b b b b b



c c c c c c c c c c c c c c c c c c c c



d d d d d d d d d d d d d d d d d d d d



Jawaban soal uraian singkat (Setiap poin dikalikan 4)



1. Bapak kula tindak nyambut damel nalika Ibu maos ariwarti. 2. 3. 4. Okta Septi Okta Septi Okta



: “Halo, assalamualaikum.” : “Wa’alaikumsalam, niki sinten nggih?” : “Niki Okta Sep.” : “Oh... Okta, wonten napa nggih Ta? : “Badhe nyuwun pirsa bab tugas basa Jawa, ingkang dipun dhawuhi ibu guru kelompokan ndamel iklan Sep. Badhe kelompokan dinten menapa?”



Septi



: “Ealah, kula kesupen. Menawi mangke sonten kepanggih wonten ing ngajeng sekolahan kados pundi?” Okta : “Wah... dinten menika kula wonten perlu kalian Ahmad. Menawi ngenjang sonten mawon kados pundi?” Septi : “Nggih, sarujuk.” Okta : “Nggih sampun, matur nuwun nggih Sep. Assalamualaikum.” 5. a. Samparan : Simbah boten saged mlampah amergi samparanipun sakit. b. Ngasta : Bapak ngasta kendhuri saking Pak Rahmat.