Makalahh Tembang Dolanan [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

TEMBANG DOLANAN ANAK Dipundamel kagem njangkepi tugas mata kuliah pembelajaran bahasa jawa SD



Dosen Pengampu : Dra. Hartati,M.Pd.



Dening: Kelompok 9 1. Sayyidatus Sholihah 2. Efeline Nuzula A. 3. Najmah Millenia T.



(1401419306) (1401419302) (1401419340)



ROMBEL G



JURUSAN PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR FAKULTAS ILMU PENDIDIKAN UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG 2020



ATUR SAPALA Ingkang sepisan kula ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT kagem sedaya nikmat lan rahmatipun saengga kula saged ngrampungaken tulisan punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken tulisan punika. Wonten makalah punika kula nyariosaken babagan Tirta Purwitasari, ingkang wonten penggalih kula wonten mriku wonten pitedah-pitedah babagan urip lan budi pekerti. Wonten ing jaman sapunika, mboten ekonomi kemawon ingkang ngalami krisis, ananging moral lan budi pekerti ugi krisis. Korupsi wonten pundi-pundi, kriminal, lan sapanunggalanipun. Awit saking punika kula milih cariyos Tirta Purwitasari. Wonten mriku dipuncariyosaken pripun sejatosipun manungsa lan nepsunipun, ugi babagan sipat kesetriya ingkang kedah dipun gadhahi kula panjenengan sedaya. Mugi-mugi tulisan punika saged kagem renungan kula panjenengan sedaya. Bener punika saking Allah, ananging menawi lepat punika saking kula, kula nyuwun pangapunten. Matur nuwun. Semarang, 18 April 2020



Penulis



BAB I PAMBUKA A. Latar Belakang Indonesia merupakan Negara multicultural. Indonesia juga kaya akan budaya, suku, serta bahasa. Demikian sama halnya dengan suku Jawa. Ia memiliki kebudayaan yang khas. Dimana salah satu system budayanya menggunakan metode berupa symbol atau lambang sebagai media untuk menyampaikan pesan atau nasihat bagi suku Jawa. Salah satu budaya Jawa yang dignakan sebagai symbol yang bertujuan mendidik adalah melalui permainan rakyat. Permainan rakyat merupakan foklor karena disampaikan turun temurun secara lisan. Dalam hal ini, tembang dolanan anak merupakan permainn rakyat anak-anak yang murni disebarkan melalui tradisi lisan. Salah satu seni lisan yanag lain yang dibuat dalam bentuk tulisan adalah seni vocal yang berbentuk tembang atau disebut juga nyanyian rakyat. Berdasarkan sedikit uraian diatas, penulis akan menjelaskan apa yang dimaksud tembang dolanan anak, lalu hal yang perlu diperhatikan dalam tembang dolanan anak dan bagaimana cara menyimpulkan makna atau esan dalam tembang dolanan anak. B. Rumusan Masalah 1. Apa yang dimaksud dengan tembang dolanan? 2. Apa saja hal yang perlu diperhatikan dalam tembang dolanan? 3. Bagaimana cara menyimpulkan makna atau pesan dalam tembang dolanan? C. Tujuan 1. Mengetahui yang dimaksud dengan tembang dolanan. 2. Mengetahui hal yang perlu diperhatikan dalam tembang dolanan. 3. Mengetahui cara menyimpulkan makna atau pesan dalam tembang dolanan.



BAB 2 ISI A. PENGERTIAN TEMBANG DOLANAN ANAK Tembang dolanan yaiku salah sijine tembang sing lumrahe ditembangake bocahbocah nalika dolanan. Ing jaman biyen bocah bocah padha dolanan ing latar ora mung ing wayah awan lan sore, nanging uga wayah wengi nalika padhang rembulan. Titikan utawa ciri-cirine tembang dolanan, basane prasaja lan gampang dingerteni, cengkoke prasaja, jumlah barise (gatrane) uga winates, biasa ditembangake sinambi dolanan utawa jejogedan, lan isine bab sing salaras karo kahanane bocah. Tujuan utama isine tembang dolanan yaiku ajaran nilai budi pekerti. Nilai budi pekerti bab rasa kormat, welas asih, gotong royong, tulung-tinulung, lan liya-liyane. B. JENISE TEMBANG DOLANAN 1. Tembang Dolanan Gagrag Lawas Tembang dolanan gagrag lawas inggih punika tembang dolanan ingkang mungkin mboten kantenan namaning pengarangipun utawi nn, sifatipun klasik, lan makna lagunipun sisah kangge dipuntebak. limrahipun tembang puniki dipundamel sampun lami sanget malah saderengipun warsa 1900-an. Tuladha tembang dolanan gagrag lawas inggih punika : — gundul gundul pacul — pendhisil — wajibe dadi murid — jaranan — lir-ilir — cublak-cublak suweng — kula duwe pitik — sinten numpak sepur — menthog — menthog



2. Tembang Dolanan Gagrag Anyar Tembang dolanan gagrag anyar inggih punika tembang dolanan ingkang gadhah sipat kreasi enggal, gampil dipuntebak makna lagunipun, lan namaning pengarangipun kantenan. Bilih tembang dolanan gagrag lawas dipundamel lami sanget, mila sekar dolanan gagrag anyar dipundamel dereng sanget-sanget lami, upaminipun ing warsa sasampunipun 1900 an. Tuladha tembang dolanan gagrag anyar inggih punika : — ( karya ki narto sabdo ) gugur redi , lumbung dhusun, sumerep-sumerep tempe, jampi jawi, gendhis klapa. — ( karya ki anom suroto ) solo berseri lan mas sopir. — ( karya sarwanto, s. kar ) wonogiri sukses, dsb. C. MENGANALISIS MAKNA LAN PESAN TEMBANG DOLANAN ANAK Tuladhane kaya tembang dolanan ngisor iki. 1. Jamuran Jamuran ya gegethok Jamur apa ya gegethok Jamur gajih brejijih saara-ar Sira badhe jamur apa? Basane tembang ”Jamuran” gampang dingerteni, lagune uga gampang diapalake bocah-bocah.



2. Bulan Gedhe Bulan-bulan gedhe Ana santri menek jambe Ceblokna salining wae Mumpung jembar kalangane Mumpung gedhe rembulane



Suraka surak hiyo Tembung kang kacithak kandel ing tembang wis paring katrangan ngenani nilai budi pakerti. Tuladhane santri nuduhake bocah sing lagi nyantri tegese lagi sinau ing bab ilmu agama lan ilmu liyane. Karepe saben bocah kudu sregep sinau agama lan ilmu liyane. Ceblokna tembung pakon sing bisa nuduhake supaya gelem weh-weh marang wong liya wujud saka tresna asih mring sasama, mumpung jembar kalangane, mumpung isih ana wektu lan diparingi rejeki. 3. Lir-ilir Lir-ilir, lir ilir, tandure wis sumilir, tak ijo royo-royo, tak sengguh temanten anyar, Cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi, lunyu-lunyu peneken, kanggo masuh dodotira. Dodotira, dodotira, kumitir bedhah ing pinggir, dondomana jlumatana, kanggo seba mengko sore, Mumpung padhang rembulane, mumpung jembar kalangane, yok suraka, surak hiya.... Jalaran tembang iki misuwur banget ana ing sadhengah papan, sadhengah jaman. Wiramane apik, isine ya pancen becik. Akeh-akehe malah wis padha apal karo



cakepan (lirik) tembang iki. Mbok manawa akeh uga sing seneng nembangake. Ujaring kandha, tembang iki uga yasane Kanjeng Sunan Kalijaga. Kejaba enak dirungu lan ditembangake, isine pancen ya becik banget. Panganggone basa pas, ora angel, ning ya ora gampang-gampang banget. Sing narik kawigaten yen kita semak, sajerone tembang iki jebul akeh panganggone unen-unen.



4.Wonogiri Sukses Sukses sukses wonogiri sukses Stabilitas mantap karya tentram ing bebrayan Undang undang peraturan dasar Koordinasi kang becik tumata Sasaran pinunjung ing sedyo mrih ywono Evaluasi kang kinarya panaliti Semangat sumberdaya mrih lajuning pembangunan Sukses... sukses wonogiri sukses



Tembung "sukses" puniku piyambak nggadhahi makna kalih harafiah gadhah artos kasil . sengkuyung kangge dados sukses utawi kasil puniki, dipunajeng-ajeng mengilhami saben aparatur pamarintah supados punapa ingkang dados tujuwan utawi target sasaran angsal kelampahan kalih sae sanadyan tantangan, pambengan, lan pambengan tansah menghadang.



BAB 3 PENUTUP



A. KESIMPULAN Tembang dolanan anak yaiku salah sijine tembang sing lumrahe ditembangake bocah-bocah nalika dolanan. Jenise tembang dolanan anak iku ana 2 yaiku tembang dolanan gagrag anyar lan tembang dolanan gagrag lawas . Saking analisis data ingkang dipunangsal, sekar dolanan basan jawi gadhah makna/nilai budi pekerti ingkang prayogi ingkang kedah dipunwucal ing generasi enem mliginipun lare-lare. Pinten-pinten nilai budi pekerti kasebat antawis sanes nilai religius, kebersamaan, kemandirian, mboten angsal sombong, lan instropeksi dhiri.



B. SARAN Dados generasi mudha, kita kedah mertahanaken budaya wonten indonesia. kejawi dados kebanggan, budaya sekar dolanan anak ugi saged kita pendhet nilai moralipun dados tuladha lebet kahidupan kita. Lan dados calon guru , kita mboten angsal kesupen kangge mucalaken nilai-nilai ingkang kekandhut lebet sekar dolanan anak puniki.



Bibliography Drs. Samsul Hadi, A. W. (2016). Tantri Basa Kelas 4 SD/MI. Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur. Wijayanti, V. (2008). Retrieved April 18, 2020, from Nilai Pendidikan.... Vivi Wijayanti, FIB, UI: https://www.google.com/url? sa=t&rct=j&q=&esrc=s&source=web&cd=4&cad=rja&uact=8&ved=2ahUKEwjwxaCvpfbo AhVCT30KHe6jDa4QFjADegQIBhAB&url=http%3A%2F%2Flib.ui.ac.id%2Ffile%3Ffile %3Ddigital%2F127088-RB02V202n-Nilai%2520pendidikanPendahuluan.pdf&usg=AOvVaw2CNboE