Sesorah Nuwuhaken Tresna Bab Basa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Sesorah NuwuhakenTresna Bab Basa, Sastra, lan Budaya Jawa Assalamu’alaikumWr. Wb. Agunging pakurmatan konjuk dhumateng para rawuh, mirungganipun dhumateng para kadang mudha ingkang tansah manggih karaharjan. Sumangga tansah ngaturaken puja-puji panuwun dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang datan kendhat tansah paring lumunturing kanugrahan tumanduk dhumateng kula lan panjenengan sadaya. Saengga kanthi kanugrahan gadhuhaning Gusti makaten kalawau, ing kalenggahan menika kula lan panjenengan sadaya kuwawi kempal kanthi kebaking karaharjan miwah kabagaswarasan, kalis ing rubedanir ing sambekala. Para lenggahing kang kinurmatan, Ing kalodhangan wekdal menika kula badhe ngaturaken andharan ingkang magepokan kaliyan prekawis tresna marang budaya Jawi kanthi sesirah : “Nuwuhaken raos tresna budaya Jawi tumrap generasi mudha kanthi nyinau basa, sastra tuwin budaya Jawi”. Manut ewah gingsiring jaman, kanyata samenika kathah para mudha saking laladan Jawa piyambaking kang sampun kesupen, nglirwakaken, kepara malah nilaraken bab basa, sastra tuwin budaya Jawa menika. Temtunipun prekawis menika dados tanggeljawab saha penggalihan kula lan panjenengan sedaya. Para lenggahing kang satuhu bagya mulya, Kula pitados bilih para lenggah, para sutresna Jawa menika boten badhe lila menawi basa, sastra tuwin budaya Jawi menika ical kasileb ing jaman. Sumangga samyang lodhangaken wekdal, nglonggaraken saha ngeningaken penggalih kagem nintingi sedaya menika. Wontening era globalisasi samangke, bangsa Indonesia katuntut siaga saha tanggap ing babagan menapa kemawon kalebet ewahing budaya. Bab menika boten saged kasandheta margi budaya menika asipat dinamis saha tansah pados wujud enggal nuting jaman kalakone. Namung makaten, ampun ngantos budaya Jawa kanthi gampil kalindhes kepara dene kasoran dhateng budaya modherning era globalisasi. Mlebetipun muatan local basa Jawa ing pamulangan dhasar ngantos menengah menika panci salah satunggaling kupiya kagem nyembadani perkawis icalipun budaya Jawa. Siswa dipun wulang wuruk babagan basa, sastra tuwin budaya Jawa kanthi pangajab saged anuwuhaken raos tresna, andarbeni saha angrungkebi dhateng budayanipun piyambak. Sedaya punika betah metode saha cara ingkang cocog dhateng jiwaning para mudha, boten kedah lugu, lugas lan mlaha menapa



wontenipun. Langkung betah variasi, kombinasi, kolaborasi, saha eksperimen kagem mujudaken sedayanipun. Dene asili pun boten nguciwani, katitik saking kegiyatankegiyatan budaya, taksih kathah para mudha ingkang purun nyartani.Kadosta ing pentas



drama



Jawa,



karawitan, kolaborasi etnik-modhern,



beksan,



macapat,



kethoprak, lansanes-sanesipun. Para lenggahingkangsatuhubagyamulya, Modhernisasisahaglobalisasipancinuwuhakenperkawisingkangmanekawarni.S inteningkangbotensiagabadhekalindhestuwinkasoran, wondeneingkangsiagabakalkatonmanjila.Trepkaliyankahananingjamansapunika, kulalanpanjenengansedayakedahangulahlantipingbudi. Makateningkangsagedkulaaturakenlanmbokbilihkathahaturingkangbotennujup ranasaestukulanyuwunlumunturingsihsamodrapangaksamipanjenengansadaya. Nuwun, maturnuwun. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.



*****



Nama :PulungSanyoto Kelas : XI IPA 2 No



: 19



BahasaJawa