TEKS PRANATACARA BAHASA JAWA ACARA PENGAJIAN - Mas Sofiun Najib PDF [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Mas Sofiun Najib Beranda | About | Arsip



TEKS PRANATACARA BAHASA JAWA ACARA PENGAJIAN 16 Januari 2013 12:05



Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Acara Pengajian   Posting ini saya buat guna membantu mereka yang membutuhkan contoh teks pranatacara atau pembawa acara untuk kegiatan pengajian umum sebagaimana yang sering dilaksanakan. Dalam teks ini, saya contohkan sebuah kegiatan pengajian yang di set sebagai berikut : Dilaksanakan secara akbar, dan dapat diterapkan baik dalam ruangan tertutup maupun ruangan terbuka;  1. Jamaah yang hadir adalah umum, dari usia anak-anak, pemuda, dewasa, orang tua, tokoh masyarakat, alim ulama dan pejabat lokal; 2. Ada pembacaan ayat suci Al-Qur’an; 3. Ada ucapan selamat datang dari panitia; 4. Ada sambutan dari pejabat lokal 5. Penghadirkan penceramah 6. Menggunakan hidangan berupa minum dan snack; 7. Menggunakan hiburan   Dari gambaran rancangan tersebut, maka dapat disusun rancangan acara sebagai berikut : 1. Pembukaan 2. Pembacaan Ayat Suci Al-Qur’an 3. Ucapan selamat datang dari Panitia, diselingi hiburan dan minum/snack. 4. Sambutan  5. Inti Pengajian 6. Penutup Untuk lebih jelasnya, dapat pembaca praktekkan teks berikut ini yang tentunya masih memungkinkan untuk ditambah dan atau dikurangi. ================================================================================



Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,



Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.   Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah; Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana; Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom ……………………….. (nama tokoh yang akan memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah; Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah.   Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah. Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.   Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan …………………, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan ………………… ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten :   1. Adicara angka sepisan Pambuka



2. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening sedherek ………. 3. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe kasarirani sedherek/bapak ……………………… (ketua panitia atau yang ditunjuk) 4. Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapa/Ibu/Kyai …………. (biasanya pejabat tertinggi di lingkungan sini atau orang yang ditokohkan dalam kesempatan pengajian ini). 5. Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun inggih  Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom …………………… (sebut nama beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau apa…) 6. Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup. Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan ………….. ing dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan ………………….. (basmalah atau bacaan ummul kitab atau dengan do’a lainnya).   =====     Matur nuwun. Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening sedherek ……………………. Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng sedherek …………… wekdal kasumanggaaken.   =====   Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun. Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng sederek / Bapak …… wekdal kasumanggaaken.   =====   Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun bapak/ibu………… (mungkin pejabat tertinggi di lingkungan sini atau tokoh yang dikehendaki panitia untuk memberikan sambutan). Anamung sakderengipun, midherek atur saking panitia, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis kinarya paring wekdal dhateng para kanca ingkang badhe angaturaken pasugatan prasaja. Dhumateng para rawuh ingkang sampun kaladosan, mugi kepareng tumunten anyekecaaken ngunjuk sarta dhahar kanthi merdikaning penggalih. Salajengipun adicara kasumeneaken sawetawis. Para rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika ketingal regeng, ing ngarsa panjenengan sedaya badhe kaaturaken pasugatan saking Paguyuban Seni Rebana Kembang Setaman saking Pedukuhan Sanga, Karang. Ingkang menika, wekdal sumene kaaturaken dhumateng panjenganipun Bapak Wiji Naryana saha Bapak Sudarsa minangka pengesuhing paguyuban. Dhumateng para rawuh, sugeng midhangetaken kanthi merdikaning penggalih. Sumangga.   =====   Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat nggemeni wekdal, wekdal sumene kula suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun. Adicara ingkang angka sekawan wedharing pangandika saking panjenenganipun Bapak/Ibu…………… Dhumateng bapak/ibu………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.   =====   Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……ingkang sampun kepareng paring pangandika. Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika. Ingkang menika, dhumateng almukarron bapa kyai…..kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan …… dalu punika. Dhumateng almukarrom …….. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.   ======   Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun almukarrom……ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan. Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah, purnaning wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami. Muslimin lan muslimat, ingkang kinurmatan, minangka pratandha panutuping adicara dalu punika, sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.   Wusana, ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih. Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.   =====    



Iklan



Report this ad



Bagikan ini:







Twitter







Report this ad



Facebook



Memuat...



Terkait



TUNTUNAN PRANATACARA UNTUK PEMULA



TUNTUNAN PRANATACARA UNTUK PEMULA



TEKS PRANATACARA PANGGIH PENGANTIN



Posted by sofiun



Kategori: Uncategorized



Tag:



« Older Newer »



7 Tanggapan to “TEKS PRANATACARA BAHASA JAWA ACARA PENGAJIAN” 1. Maturnuwun sanget nggih pak.



By Zay on 9 Mei 2013 pada 06:46



1. injih, sak wangsulipun…. sama sama е



By Sofiun on 15 Juni 2013 pada 15:08



2. iya, sama sama Zay, smoga menjadi sesuatu yang manfaat dan barokah, aminnnn



By Sofiun on 17 Oktober 2013 pada 08:35



2. senada dgn motto anda , ijinkan saya meng-copy tulisan anda untuk saya amalkan. trims… smoga jadi jariyah…



By iswanta tegalurung on 11 Oktober 2013 pada 00:57



1. amin, terima kasih apresiasinya, smoga bermanfaat



By Sofiun on 17 Oktober 2013 pada 08:36



3. Kulo bade download mandar klentu mlebat google.nyuwun tlulung dipun letesaken.pangapunten estu.suwun mas



By Zaenal arifin on 4 Mei 2018 pada 22:44



1. Sawantawis fitur download off pak. Saged langsung dipun copy paste… suwun



By sofiun on 6 Mei 2018 pada 10:26



Tinggalkan Balasan



Nama (required) Surat Elektronik (required) Situs Web



Kirim Komentar



Beri tahu saya komentar baru melalui email. Cari



Mobile SiteFull Site



Iklan



Report this ad



Theme: WordPress Mobile Edition by Alex King.