Makalah Unikal Bahasa Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

MAKALAH UNDHA – USUK BAHASA JAWA UNGGAH - UNGGUH BASA JAWA DAN TEMBANG MACAPAT



Disusun untuk memenuhi tugas Mata Kuliah



: Bahasa dan Etika Jawa



Dosen Pengampu



: WASISNO, S.Pd. MHum



Disusun oleh : NAMA



: SEKAR DWI FEBRYANTI



NPM



: 0820015261



KELAS



: B PAGI



PRODI



: PBSI



UNIVERSITAS PEKALONGAN TAHUN 2020 1



ATUR PRAWACANA Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung sahengga laporan punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur sembah nuwun kagem tiyang sepuh kawula ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija ingkang sampun paring kawruh lan seserepan sahengga laporan ingkang kasusun sae punika saged purna. Laporan karya tulis kanthi irah-irahan Ringkasan Materi Undha Usuk Basa, Unggah Ungguh Basa, lan Tembang Macapat. Punika minangka salah satunggaling sarana gladhen nyerat. Laporan menika kasusun kagem njangkepi mata kuliah Bahasa dan EtikaJawa. Mugi-mugi laporan ingkang kaserat dening panyerat menika saged paring mapinten-pinten manfaat dumateng para sinten kemawon ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi kathah kakirangan, pramila panyaruwe saha panyendu tansah kula antu-antu.



Pemalang, 21 Oktober 2020 Penyerat



1



DAFTAR ISI



Kata pengantar...................................................................................................1 Daftar Isi............................................................................................................2 Bab I Pendahuluan.............................................................................................3 a. Latar Belakang........................................................................................3 b. Rumusan Masalah...................................................................................3 c. Tujuan......................................................................................................4 Bab II Pembahasan............................................................................................5 1. UNDAH USUK BASA...........................................................................5 2. UNGGAH – UNGGUH BASA..............................................................7 3. TEMBANG MACAPAT.........................................................................9 Bab III Penutup Kesimpulan.............................................................................17 Saran..................................................................................................................17



2



BAB I PENDAHULUAN A. Latar Belakang Masalah Bahasa dan sastra jawa seperti sekarang ini adalah hasil sebuah proses panjang perjalanan masyarakat Jawa. Dalam perjalanannya, perkembangan bahasa Jawa tidak bisa dipisahkan dari perkembangan sastra, karena itu dari seni-sastra, bahasa Jawa bisa ditelisik perkembangannya. Lebih jauh lagi, bahasa Jawa dan seni-sastra jawa adalah hasil proses perjalanan kekuasaan Jawa, dari jaman pra-kolonial, kolonial, hingga pascakolonial. Bahasa dan sastra Jawa sebagai salah satu sumber pendidikan karakter tidak perlu diragukan lagi keberadaannya, karena dalam bahasa dan sastra Jawa syarat akan pendidikan nilai yang merupakan substansi utama dari pendidikan karakter. Sudah menjadi pengetahuan umum bahwa dalam bahasa dan sastra Jawa terkandung tata nilai kehidupan Jawa, seperti norma, keyakinan, kebiasaan, konsepsi, dan simbol-simbol yang hidup dan berkembang dalam masyarakat Jawa, toleransi, kasih sayang, gotong royong, andhap asor, kemanusiaan, nilai hormat, tahu berterima kasih, dan lainnya. Pendidikan karakter yang digali dari substansi bahasa dan sastra Jawa dapat menjadi pilar pendidikan budi pekerti bangsa. Kini, ketika bangsa ini terkoyak oleh nilai-nilai moral, pendidikan budi pekerti kembali mengemuka dengan nama yang lebih menjanjikan adalah pendidikan karakter. Makalah ini akan membahas mengenai bahasa dan sastra jawa. B. Rumusan Masalah Penulisan makalah ini, dimaksudkan agar pembaca memiliki wawasan tentang bahasa dan sastra jawa, mengenai: 1. Bagaimana persebaran bahasa jawa? 2. Bagaimana dialek bahasa jawa? 3. Bagaimana undhak-undhuk dalam bahasa jawa? 4. Bagaimana unggah-ungguh basa jawa? 5. Apa yang dimaksud dengan Macapat ?



3



C. Tujuan Penulisan Adapun tujuan penyusunan makalah ini adalah mahasiswa dapat mengetahui tentang: 1. Persebaran Bahasa Jawa. 2. Dialek Bahasa Jawa. 3. Undhak-Undhuk Dalam Bahasa Jawa. 4. Tulisan Dan Aksara Jawa. 5. Unggah-Ungguh Basa Jawa. 6. Tembang macapat



4



BAB II PEMBAHASAN



1. UNDHA USUK BASA



Menurut Haryawiyana dan Supriya (2001:17-19) undha-usuk basa dapat dipilah menjadi dua, yaitu: undha-usuk basadi zaman kejawen dan undha-usuk di zaman modern. Undha-usuk zaman kejawen yang dimaksud adalah zaman Keraton Surakarta dan Ngayogyakarta Hadiningrat, sekitar tahun 1900 Masehi. Sedangkan undha-usuk di zaman modern ditandai setelah proklamasi kemerdekaan embilan tanggal 17 agustus 1945. Undha-usuk basa Jawa di zaman kejawen mengenal enam tingkat tutur. Sedangkan undha-usuk di zaman modern mengenal dua tingkat tutr (Haryawijaya dan Supriya, 2001:18). Tingkat tutur tersebut adalah: 1. Undha-usuk di zaman kejawen a. Basa ngoko : Ngoko lugu Ngoko andhap : antya basa Basa antya b. Basa madya : Madya ngoko Madyantara Madya krama c. Basa krama desa d. Basa krama : Mudha krama Kramantara Wredha krama e. Basa krama inggil f. Basa kedhaton 2. Undha-usuk di zaman modern a. Bassa ngoko : Ngoko lugu Ngoko alus b. Basa krama : Krama lugu Krama alus



5



Karti basa terbitan Kementrian PP dan K (dalam Sasangka. 2004) menyebutkan undha-usuk basa terdiri atas tujuh tingkatan. 1. Basa ngoko : Ngoko lugu Basa antya Antya basa 2. Basa madya : Madya krama Madyantara Madya ngoko 3. Basa krama desa 4. Basa krama : Mudha krama Kramantara Wredha krama 5. Basa krama inggil 6. Basa kedhaton 7. Basa kasar Tingkat tutur basa jawa yang disusun oleh Poedjasoedarma dkk (1979: 13), menyebutkan bahwa tingkat tutur basa jawa terdiri atas tiga tingkatan yang masih dipilah-pilah menjadi embilan bentuk. 1. Basa ngoko : Ngoko lugu Ngoko antya Antya basa 2. Basa madya : Madya krama Madyantara Madya ngoko 3. Basa krama : Mudha krama Kramantara wredhakrama



6



2. UNGGAH-UNGGUH BAHASA JAWA Basa iku minangka sarana kanggo komunikasi, kanggo nglantarake marang sawijining maksud utawa kekarepan marang wong sing diajak guneman. Basa uga dadi sarana kanggo nglairake panguneg-uneg kanthi cara nulis utawa maca. Mula anggone nggunaake basa kudu trep ora kena tumpang suh, kudu mangerteni marang sapa sing diajak guneman. Mula basa iku duweni unggah-ungguh. Dene unggah-ungguhing basa iku sabenere akeh banget nanging sing lumrah digunakake iku ana 4 yaiku:



A.



1.



Ngoko lugu



2.



Ngoko alus



3.



Krama lugu



4.



Krama alus



Basa Ngoko Lugu



"Pengertian bahasa ngoko lugu adalah bahasa yang kalimatnya tidak ada yang diterjemahkan ke bahasa krama" Wujude: Tembunge ngoko kabeh ora ana kramane. "Pemakaian Bahasa ngoko lugu" Panganggone: a. Menyang sapadha-padha kang wis kulina banget. b. Menyang sing kaprenah enom. c. Yen lagi ngunandika. d. Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep. Tuladha: – Kowe mengko sore sida ngampiri aku les? – Dhik, yen arep ndelok pameran, aku mengko tulung ampirana ya! B.



Basa Ngoko Alus



"Pengertian bahasa ngoko alus adalah bahasa yang kalimatnya ngoko kasar/lugu tetapi hanya kata kerja saja dan kamu (panjenengan) yang diterjemahkan ke bahasa krama inggil/alus" Wujude: Tetembunge ngoko kacampuran karma inggil. "Pemakaian Bahasa ngoko alus" 7



Panganggone: a. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate. b. Garwane priyayi marang sing kakung. c. Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan. Tuladha: – Dhik, sliramu mengko nek kondur arep nitih apa? Apa kersa takdherekake? – Aku mau ngundhuh pelem akeh, Panjenengan apa kersa dakaturi? – Yen kersa mengko dakaturi sejinah. C.



Basa Krama Lugu



"Pengertian bahasa krama lugu adalah bahasa yang kalimatnya semua memakai bahasa krama madya" Wujude: Tembunge madya (ater-ater lan panambange karma) "Pemakaian Bahasa Krama Lugu" Panganggone: a. Kanggo marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni. b. Garwane priyayi marang sing kakung. c. Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajade. Tuladha: – Sampeyan niku manawi kesah dhateng kantor napa taksih kiyat mbekta sepedha motor mas? – Napa ndika saking desa ngriki mawon to mas? D.



Basa Krama Alus



"Pengertian bahasa krama alus adalah bahasa yang kalimatnya semua memakai bahasa krama alus/inggil" Wujude: Tetembungan krama (ater-ater lan panambang krama) lan krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman). "Pemakaian Bahasa Krama Alus" Panganggone: a. Wong enom marang wong tuwa. b. Batur marang bendarane. c. Murid marang gurune. 8



d. Andhahan marang pimpinane. e. Kanca karo kanca sing durung kulina. Tuladha: – Kula badhe matur dhateng ibu, bilih manawi saestu sowan dhateng eyang, kula badhe tumut. – Tindak-tandukipun kanca kula ingkang naminipun Edo punika sanget.



3. TEMBANG MACAPAT Karya sastra Jawa sing minangka warisane leluhur ana akeh maceme sing bisa awake dhewe petuki nganti saiki. Salah sawijine geguritan Jawa sing kerep awake dhewe rungokake yaiku tembang macapat, sing minangka pametu cipta sastra Jawa anyar sing nggunakake basa Jawa anyar (Saputra, 2010: 12-13). Miturut ukura liyane, tembang macapat yaiku minangka wujud geguritan Jawa sing migunakake bahasa Jawa anyar, tinalenan karo paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Macapat kagolong geguritan tradisional Jawa, saben ayat macapat nduweni baris ukara sing kasebut gatra, lan saben gatra nduweni sakrenane guru wilangan tartamtu, lan akhir saka suara sing disebut guru lagu. Tembang macapat diartekne dadi maca papat-papat, yaiku maksude cara maca sing kajalin saben papat suku tembung. Pangerten Macapat Karya sastra Jawa sing minangka warisane leluhur ana akeh maceme sing bisa awake dhewe petuki nganti saiki. Salah sawijine geguritan Jawa sing kerep awake dhewe rungokake yaiku tembang macapat, sing minangka pametu cipta sastra Jawa anyar sing nggunakake basa Jawa anyar (Saputra, 2010: 12-13). Miturut ukura liyane, tembang macapat yaiku minangka wujud geguritan Jawa sing migunakake bahasa Jawa anyar, tinalenan karo paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.Puisi tradisional Jawa utawa tembang biasané dipérang dadi telung kategori: tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé. Macapat digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora



9



dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak. Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan. Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang basa Sanskerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké. Aturan-aturan iku ana ing: a.



Guru gatra



: wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).



b.



Guru wilangan



: wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.



c.



Guru lagu



: tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.



Timbulipun Sekar Macapat Tembang Macapat sampun wonten nalika jaman Majapahit, ananging sakalangkung anem saking sekar Tengahan. Sekar Macapat menika manut Tedjohadisumarto karipta dening Prabu Dewawasesa/ Prabu Banjaransari kala taun Jawi 1191 utawi 1269 masehi. Antawisipun sekar Macapat kaliyan Tengahan menika meh memper. Paugeranipun meh sami (guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu), ingkang mbedakaken naming basanipun. Sekar Tengahan ngangge basa Jawi tengahan, dene sekar Macapat ngangge basa Jawi enggal. Ing sekar Tengahan limrahipun cakepan winastan kidung, mila wonten kidung Durma, kidung Sinom. Cakepan kasebat sinerat wonten ing Kidung Sundayana. Macapat kerep dijarwakaké minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn rinakit saben patang wanda. Nanging iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liyané uga ana. Sajabané sing wis kasebut ing dhuwur, makna liya yakuwi tembung -pat ngarujuk marang cacahing tandha diakritis (sandhangan) jroning aksara Jawa sing relevan jroning panembangan macapat. Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang dening Ranggawarsita, macapat minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing tegesé "nglagokaké nada kapapat".Saliyané maca-pat-lagu, isih ana manèh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu. Miturut ujaring kandha maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké déning para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning sang pujangga 10



istana Yogiswara saka Kedhiri. Nyatané iki klebu kategori sing saiki disebut kanthi jeneng tembang gedhé. Maca-ro klebu tipe tembang gedhé yakuwi cacahing bait (pada) saben pupuh bisa kurang saka papat sauntara kuwi cacahing sukukata (wanda) jroning saben bait (pada) ora mesthi padha lan diciptakaké déning Yogiswara. Maca-tri utawa kategori sing katelu yakuwi tembang tengahan sing miturut ujar diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké déning Pangeran Panji Inokartapati lan saduluré. Wusanané, macapat utawa tembang cilik diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para wali. Gunggungipun tembang macapat Gunggungipun tembang macapat wonten 11, inggih menika: 1.



Mijil



2.



Kinanthi



3.



Sinom



4.



Asmarandana



5.



Dhandhanggula



6.



Gambuh



7.



Maskumambang



8.



Durma



9.



Pangkur



10. Megatruh 11. Pocung Watak lan Gunane Tembang Macapat Nama Sekar :Watak Ginanipun Mijil : asih, prihatin, pangajab mulang tiyang ingkang nembe prihatin Kinanthi : seneng, asih, kasmaran mituturi, pratelan tresna, mulang Sinom : ethes, prasaja piwulang, wewarah Asmaradana : tresna, sedhih, sengsem nggambaraken kakesitan, mulang, tresna Dhandhanggula : luwes, gumbira, endhah mahyakaken tresna, sedhih nandhang tresna, mbuka sekar/ srat, mahyaaken kahanan menapa kemawon cocok Maskumambang : nelangsa, ngeres-ngeresi, sedhih mahyakaken raos panalangsa Durma :keras, nepsu, semangat nggambaraken tiyang nepsu, perang Pangkur : sereng, nepsu, gandrung pitutur radi srengen, gandrung 11



Pocung : sembrana, parikena, lucu cangkriman, crita lucu, guyon Gambuh : sumanak, sumadulur mulang, pitutur Megatruh : prihatin, getun, keduwung, sedhih cariyos ingkang sedhih, getun Balabak : sembrana, saenake, lucu guyonan sakepenake, sembrana Wirangwong Wibawa :mahyakaken keagungan, kaendahan, piwulang Girisa : gagah, wibawa, wanti-wanti piwulang, kasepuhan Jurudemung : kenes (genit) mancing brahi Guru Gatra, Guru Lagu lan Guru Wilangan Tembang Macapat 1.



Mijil = 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u



2.



Kinanthi = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i



3.



Sinom = 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a



4.



Asmaradana = 8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a



5.



Dhandhanggula = 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a



6.



Maskumambang = 12i, 6a, 8i, 8a



7.



Durma = 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i



8.



Pangkur = 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i



9.



Gambuh = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o



10. Megatruh = 12u, 8i, 8u, 8i, 8o 11. Pocung = 12u, 6a, 8i, 12a Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki: 1.



Maskumambang Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné. Apan kaya mangkono wewatek neki (12 i) Sanadyan wong tuwa (6 a) Yen duwe watek tan becik (8 i) Miwah tindak tan prayoga (8 a)



2.



Mijil 12



Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita. Lan dimantep mring panggawe becik (10 i) Lawan wekas ing ngong (6 o) Aja kurang, iya panrimané (10 é) Yen wis tinitah marang Hyang widhi (10 i) Ing badan puniki (6 i) Wus pepancen ipun (6 u) 3.



Sinom Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé. Nulada laku utama (8 a) Tumrap ing wong tanah Jawi (8 i) Wong Agung ing Ngeksi Ganda (8 a) Panembahan senapati (8 i) Kepati amarsudi (7 i) Sudaning hawa lan nepsu (8 u) Pinesu tapa brata (7 a) Tanapi ing siyang ratri (8 i) Amemangun karye naktya sing sasama (12 a)



4.



Kinanthi Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya. Dadiya laku nireku (8 u) Cegah dhahar lawan guling (8 i) Lawan aja sukan sukan (8 a) Anganggowa sawatawis (8 i) Ala wateke wong suko(8 o) Nyuda prayitna ning batin(8i)



5.



Asmarandana Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi. 13



Aja turu soré kaki (8 i) Ana Déwa nganglang jagad (8 a) Nyangking bokor kencanané (8 é) Isine donga tetulak (8 a) Sandhang kelawan pangan (7 a) Yaiku bagéyanipun (8 u) wong melek sabar narima (8 a) 6.



Gambuh Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan. Sekar gambuh ping catur (7 u) Kang cinatur polah kang kalantur (10 u) Tanpa tutur katula-tula katali (12 u) Kadaluwarso katutur (8 u) Kapatuh pan dadi awon (8 o)



7.



Dhandhanggula Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula. Lamun sira anggeguru kaki (10 i) Amiliha manungsa kang nyata (10 a) Ingkang becik martabate (8 é) Sarta kang wruh ing hukum (7 u) Kang ngibadah lan kang wirangi (9 i) Sokur oleh wong tapa (7 a) Ingkang wus amungkur (6 u) Tan mikir paweweh ing lyan (8 a) 14



Iku pantes sira guranana kaki (12 i) Sartane kawruhana (7 a) 8.



Durma Saka tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma/wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa. Wusnya tibeng bentala prabu Rahwana (12 a) Pancasonane dadi (7 i) Sirna tatu nira (6 a) Tung tumpulih sedaya (7 a) Nepak bau kradha angrik (8 i) Ndedel ngawiyat (5 a) Ngusir nanendra peksi (7 i)



9.



Pangkur Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha. Sekar Pangkur kang winarna (8 a) lelabuhan kang kanggo wong aurip (11 i) ala lan becik puniku (8 u) prayoga kawruhana (7 a) adat waton puniku dipun kadulu (12 u) miwa ingkang tatakrama (8 a) den kaesthi siyang ratri (8 i)



10. Megatruh Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.



15



Na ra kena sinelak selak pineluk (12 u) Mring kang ngadhang adhang sisip (8 i) Yen loro anggepi reku (8 u) Teman kether maring ngening (8 i) Adoh kae let tan adoh (8 o) 11. Pocung Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur. Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12 u) Lekase lawan kas (6 a) Tegese kas nyantosani (8 i) setya budya pangekesing dur angkara (12 a)



16



BAB III PENUTUP KESIMPULAN Masyarakat jawa terdapat berbagai unggah – ungguh Bahasa yang digunakan sesuai dengan tingkat sosialnya . Unggah – ungguh dalam masyarakat jawa dapat digunakan dengan meihat lawan bicaranya dan cara pengucapannya Bahasa Jawa Krama merupakan peninggalan budaya yang adiluhur yang mestinya dilestarikan karena sifatnya yang dapat membedakan sopan santun terhadap seseorang yang diajak bicara, namun malah ditinggalkan oleh remaja jaman sekarang. SARAN Unggah – ungguh Bahasa perlu untuk ditingkatkan sebab zaman mulai maju , Bahasa jawa perlu dikenalkan pada anak kita supaya bahasa jawa tetap maju Bahasa Jawa Krama harus di lestarikan agar tidak punah oleh berkembangnya jaman. Masyarakat khususnya orang Jawa harusnya memperhatikan unggah ungguh dalam berbicara kepada siapa agar terciptanya hubungan harmonis antar keduanya.



17