MC Bahasa Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Assalamu’alaikum Wr. wb ‫بسم هللا الرحمن الرحيم الحمد هلل رب العالمين و الصالة والسالم على اشرف االنبياء و المرسلين سيدنا محمد وعلى‬ ‫اله وصحبه اجمعين اما بعد‬ Khadrotil muhtaromin, dumateng poro alim, poro ulama, poro kyai, poro haji hajjah, poro ustadz ustadzah Ingkang kawulo hormati, wabil khusus dumateng panjenenganipun Almukarom Ustadzh Sutrisno ingkang kito tenggo2 fatwa soho nasihatipun. Dumateng penjenenganipun Bapak Surono selaku kepala Dusun Kembang gede beserta perangkatnya ingkang kito hormati. Hadirin-hadirot Rohimakumulloh. Sepindah monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten2 kenikmatan dumateng kito, salah setunggalipun nikmat iman lan islam, sehinggo kito taseh saget , makempal bersilaturrakhmi wonten ing majlis meniko kagem memperingati isro’ mi’roj , pembukaan ruwah ugi kagem perpisahan KKN UPY Kembang Gede tahun 2014. Kapeng kalihipun, sholawat soho salam mugio katur dateng Junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun wonten ing yaumul qiyamah.Amin2 ya robbal alamin. Hadirin-hadirot rohimakumullah Sak derengipun acara kito bukak, kawulo minangkani pranoto adicoro bade maosaken acara2 ingkang bade kalampah ing ndalu sakmeniko. Acara ingkang sepindah, inggih meniko pembukaan Acara ingkang kaping kalih, waosan ayat-ayat suci al qur’an Acara ingkang kaping tigo, prakata panitia Acara ingkang kaping sekawan, sambutan - sambutan Acara ingkang kaping gangsal, ma’uidlotul khasanah Acara ingkang kaping enem, penutup Amargi wekdal sampun sakweawis ndalu, Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan Ummul Kitab. Matur nuwun, mugi-2 kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko, amin ya robbal alaim. Acara ingkang nomer kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, ingkang bade di waos deneng Al Ustadz Ikrom, dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken. Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken maturnuwun. Mugi2 saget mempertebal iman lan taqwa dumateng Allah SWT. Acara ingkang nomor tigo, inggih meniko prakata panitia, ingkang bade dipun sampeaken deneng .......... dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken. Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun. Acara ingkang selajengipun, sambutan-sambutan



Sambutan ingkang sepindah, saking Ketua Tanfidziyah NU Ranting Desa Tembok, Dumateng Penjenenganipun Bapak Abdul Manan kawulo summanggaaken. Maturnuwun kawulo sampeaken. Sambutan ingkang nomer kaleh, saking Kepala Desa Tembok, Dumateng Panjenenganipun Bapak H. Maryoso, S.Pd kawulo summanggaaken. Maturnuwun kawulo aturaken. Acara selajengipun, inggih meniko istirahat, Kangge ngisi wekdal istirahat, dumateng grup rebana Cagar Seno Istirahat kawulo cekapaken. Acara ingkang terakhir inggih meniko mauidloh khasanah, ingkang bade dipun asto deneng AlMukarom KH. Saiful Anwar saking Harjowinangun Tersono. Dumateng penjenengaipun wekdal sepepnuhnya kawulo summanggaaken. Maturnuwun kawulo aturaken, mugi2 punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko, saget bermanfaat. Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo nyuwun agunging pangapunten. Akhiron, Wallahul Muwaafiq Iaa Aqwamith Thoriq Wassalamu’alaikum Wr. Wb